7 Manawa ana wong nitipake dhuwit utawa barang marang kancane, mangka titipane iku dicolong saka omahe kang dititipi, saupama kang nyolong kecandhak, kudu nglironi tikel loro.
Yen ana wong obong-obong lan genine nyalad eren, njalari tumpukan gandum utawa gandum kang durung dieneni utawa tanduran sapategalan katut kobong, kang obong-obong mau kudu nglironi sakabehe.
“Saupama ana wong kang gawe dosa lan ora setya marang Sang Yehuwah, sarta selak marang pepadhane bab barang titipane, utawa barang cekelan, ngrampas barang utawa ngebeki baranging liyan kanthi sawenang-wenang,
utawa sadhengah apa kang wus diselaki klawan supata goroh, iku mbalekna sageneping pangajine dipunjuli sapralimane, diwenehna marang kang duwe, ing dinane anggone nyaosake kurban dhendha,