Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




PANGENTASAN 22:4 - Kitab Sutji

4 Yen kang dicolong iku katemu isih urip, dadia sapi, kuldi utawa wedhus, iku kudu dilironi tikel loro.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




PANGENTASAN 22:4
11 Iomraidhean Croise  

Sing sapa nyulik pepadhane, dadia banjur diedol utawa isih katemu ana panggonane, iku mesthi kaukum pati.


“Yen ana wong nyolong sapi utawa wedhus, banjur disembeleh utawa diedol, iku kudu ngijoli, sapi siji kalironana sapi lima, dene wedhus siji kalironana wedhus papat.


Manawa ana wong kang ngengon kewane ana ing pategalane utawa ing kebone anggur, mangka kewan iku diumbar bae, nganti mangani tanduraning liyan nganti entek, kang duwe kewan iku kudu nglironi saka pepethingane pametuning pategalane utawa saka pepethingane pametuning kebon anggure.


Manawa ana wong nitipake dhuwit utawa barang marang kancane, mangka titipane iku dicolong saka omahe kang dititipi, saupama kang nyolong kecandhak, kudu nglironi tikel loro.


Ing sarupaning prakara tukar-padu bab barang darbe dadia bab sapi, bab kuldi, bab wedhus, bab sandhangan, lan sadhengah barang kang ilang, manawa kang siji kandha: “Iki duwekku!” – prakarane wong loro iku kasaosna marang Gusti Allah. Dene sapa kang disalahake dening Gusti Allah kudu nglironi tikel loro marang kancane mau.


Sarta manawa kecekel, kudu nglironi tikel pitu, apa saisining omahe ditombokake.


atine Yerusalem ayemna sarta nguwuh-uwuha yen pangawulane wus rampung, manawa kaluputane wus kaapura, awit wus kaparingan paukuman dening astane Pangeran Yehuwah tikel ping loro marga saka sakehing dosane.


Mulane kaluputan lan dosane bakal Sunukum tikel loro, amarga padha njemberake nagaraningSun klawan bangke-bangkening para dewa, kang ngregedi lan ngebaki tanahingSun klawan pokale kang rusuh.”


utawa sadhengah apa kang wus diselaki klawan supata goroh, iku mbalekna sageneping pangajine dipunjuli sapralimane, diwenehna marang kang duwe, ing dinane anggone nyaosake kurban dhendha,


Walesen kaya kang dadi pamalese marang sira, lan tikelana loro saka panggawene, tuwunge kang kanggo nyampur iku isenana tikel loro;


Panjenengane nuli ngandika marang wong-wong mau: “Sang Yehuwah kang dadi seksi marang kowe, lan kang dijebadi Panjenengane kang dadi seksi ing dina iki, yen kowe padha ora nemu apa-apa ana ing tanganku.” Wangsulane para wong mau: “Panjenenganipun dadosa seksi.”


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan