Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




PANGENTASAN 22:31 - Kitab Sutji

31 Sira padha dadia wong suci kagunganingSun: sira aja padha mangan daginge kewan kang kasempal-sempal kewan galak ana ing ara-ara, iku sira pakakna asu.”

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




PANGENTASAN 22:31
14 Iomraidhean Croise  

Amargi ngalap anak-anakipun estri kangge badanipun piyambak utawi kangge anak-anakipun jaler, temah wiji ingkang suci campur kaliyan para tiyang ing tanah ngriki, malah ingkang sami miwiti nglampahi pandamel ingkang boten setya punika para pangageng saha para ingkang nyepeng pangwaos.”


Aku banjur munjuk: “Dhuh Pangeran Yehuwah, saestu kawula dereng nate kanajisaken, lan wiwit enem ngantos dumugi sapunika dereng nate nedha bebathang utawi sisaning memangsanipun kewan galak, punapa malih cangkem kawula dereng nate klebetan daging bosok.”


Sakehing manuk utawa kewan kang wus mati, utawa sisaning kewan galak iku ora kena kapangan dening para imam.”


“Sira ndhawuhana marang sapepake pasamuwane wong Israel lan tutura: Pangandikane Pangeran Yehuwah mangkene: Sira padha disuci, awitdene Ingsun Yehuwah Allhira iku suci.


Sira padha mbedakna kewan kang kalal lan kang karam, apadene manuk kang karam lan kang kalal, supaya awakira aja nganti sira najisake, marga saka kewan kang sikil papat lan manuk, sarta sadhengah kang rumangkang nlosor utawa gumremet ana ing bumi, kang wus padha Sunpisahake supaya sira karamake.


Bathang lan sisane kewan galak, aja dipangan, supaya aja ndadekake najise marga saka kang mangkono iku; Ingsun iki Yehuwah.


Dene gajihing bathang lan gajihing kewan kang mati katubruk iku kena kanggo sadhengah kapreluan, nanging poma aja pisan-pisan sira pangan.


Nanging Petrus munjuk: “Boten Gusti, boten, sabab kawula dereng nate nedha punapa-punapa ingkang karam saha najis.”


Prayoginipun kita kintun serat dhateng sadherek-sadherek punika, supados sami nyirik tetedhan ingkang sampun kajemberaken dening brahala, saha nebihi lampah jina, punapadene nyirik dagingipun kewan tetakan tuwin rah.


Kowe aja mangan sadhengah bathang; iku kena kokwenehake marang wong bangsa liya kang ana ing panggonanmu supaya dipangan, utawa kena kokedol marang wong neneka; marga kowe iku bangsa suci kagem Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu. Cempe aja kokolah nganggo puwane embokne.”


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan