Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




PANGENTASAN 22:30 - Kitab Sutji

30 Mangkono uga mungguh sapi lan wedhusira, anak-anake padha worna karo embokne pitung dina, ing wolung dinane saosna marang Ingsun.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




PANGENTASAN 22:30
14 Iomraidhean Croise  

Anak kang umur wolung dina iku katetakana, yaiku saben anak lanang ing antaranira nganti turun-tumurun, dalah kang dudu turunira kang lair ana ing omahira utawa kang dituku sarana dhuwit saka sadhengah bangsa.


nuli kowe nyaosna marang Pangeran Yehuwah sadhengah kang lair dhisik dhewe saka ing guwa-garba, dalah sakehe pambarepe kewanmu, sapira kang lanang iku dadi kagunganing Pangeran Yehuwah.


Aku banjur munjuk: “Dhuh Pangeran Yehuwah, saestu kawula dereng nate kanajisaken, lan wiwit enem ngantos dumugi sapunika dereng nate nedha bebathang utawi sisaning memangsanipun kewan galak, punapa malih cangkem kawula dereng nate klebetan daging bosok.”


Awitdene Ingsun iki Yehuwah Allahira, mulane sira kudu padha nucekna awakira lan sira kudu padha suci, marga Ingsun iki suci, sarta sira aja nganti padha ndadekake najisira marga saka sadhengah kewan kang gumremet uyel-uyelan ana ing bumi.


Awitdene Ingsun iki Yehuwah Allahira kang wus ngirid sira mentas saka ing tanah Mesir, supaya Ingsun dadia Allahira; sira padha dadia suci, marga Ingsun iki suci.


Lan ing wolung dinane bayi iku katetakana ikute.


Karodene sing sapa mangan bathang utawa sisane kewan galak, dadia wong Israel utawa wong liya, iku kudu ngumbah sandhangane lan adus sarta bakal dadi najis tumeka surupe srengenge, banjur lagi mari najise.


“Manawa ana pedhet utawa cempe gibas sarta cempe wedhus berok lair, iku awora karo embokne pitung dina lawase, nanging wiwit dina kang kaping wolune lan sabanjure manawa kagawe kurban genenan kagem Pangeran Yehuwah, iku ndadekake keparenge.


Bathang lan sisane kewan galak, aja dipangan, supaya aja ndadekake najise marga saka kang mangkono iku; Ingsun iki Yehuwah.


“Sira ndhawuhana marang wong Israel: Sira aja padha mangan gajih sapi, gajih wedhus gibas utawa gajih wedhus berok.


Dene gajihing bathang lan gajihing kewan kang mati katubruk iku kena kanggo sadhengah kapreluan, nanging poma aja pisan-pisan sira pangan.


Mangkono uga ana ing ngendi bae pamanggonira, sira aja mangan sadhengah getih, dadia getihing manuk utawa getihing kewan.


Kowe aja mangan sadhengah bathang; iku kena kokwenehake marang wong bangsa liya kang ana ing panggonanmu supaya dipangan, utawa kena kokedol marang wong neneka; marga kowe iku bangsa suci kagem Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu. Cempe aja kokolah nganggo puwane embokne.”


“Sadhengah pembarep lanang kang lair ana ing antarane sapimu lan wedhusmu, iku kasengkera kagem Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu; pembarepe sapimu aja kokanggo magawe, lan pembarepe wedhusmu aja kokbathili.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan