3 nanging yen anggone mateni iku wus kaplethekan srengenge, iku utang getih. Malinge kudu nglironi sapira regane, yen ora duwe, awake diedola minangka lirune kang dicolong.
Manawa sira tuku batur wong Ibrani, iku anggone ngenger sira suwene nem taun, ing taun kaping pitune dililanana metu lan dadi wong mardika tanpa mbayar tebusan.
atine Yerusalem ayemna sarta nguwuh-uwuha yen pangawulane wus rampung, manawa kaluputane wus kaapura, awit wus kaparingan paukuman dening astane Pangeran Yehuwah tikel ping loro marga saka sakehing dosane.
Mangkene pangandikane Sang Yehuwah: “Endi ta layange pegat ibunira tandhane manawa wus Suntundhung? Utawa panunggalane kang padha ngutangi Ingsun sapa kang wus tau Sunedoli sira? Lah marga saka kasalahanira dhewe sira wus padha kaedol lan marga saka panerakira dhewe ibunira kausir.
Sarehne wong iku ora bia ngesahi utange, Sang Nata banjur dhawuh, supaya wong iku dalah anak bojone lan sakabehe barang darbeke padha didoli kanggo nglunasi utange.
Temah bebendune Sang Yehuwah mulad-mulad marang wong Israel, mulane padha diulungake marang ing tanganing rampog sarta dipasrahake marang pamengkune para mungsuhe ing sakubenge, temah padha ora bisa nanggulangi mungsuhe mau.