PANGENTASAN 22:29 - Kitab Sutji29 Sira aja lali saos pisungsung saka pametune gandum lan undhuh-undhuhane anggurira. Anakira lanang kang pambarep iku saosna marang Ingsun. Faic an caibideil |
Sira netepana riyaya mangan roti tanpa ragi; pitung dina lawase sira mangana roti tanpa ragi kaya kang wus Sundhawuhake marang sira, ing waktu kang wus katemtokake ana ing sasi Abib, sabab mbeneri ing sasi iku anggonira metu saka ing tanah Mesir; nanging aja ana kang seba marang ing ngarsaningSun klawan ora nggawa apa-apa.
Amarga ing gunungingSun kang suci, ing gununge Israel kang dhuwur, – mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah – ana ing kono, iya ana ing tanah kono iku, turune Israel kabeh bakal padha ngabekti marang Ingsun. Ana ing kono Ingsun bakal karenan marang sira tuwin ana ing kono Ingsun bakal mundhut marang sira kurbanira kang mligi lan pisungsungira pepilihan, kabeh kang padha sira sucekake.