Bareng Sang Prabu Dawud rawuh ing Bahurim, ana wong jumedhul saka ing kono, kalebu saka santanane Prabu Saul, jenenge Simei bin Gera. Wong iku tanpa kendhat anggone ngipat-ipati karo nyedhaki Prabu Dawud.
Sang Abisai bin Zeruya nuli munjuk marang Sang Prabu: “Kenging punapa segawon pejah punika ngipat-ipati panjenengan dalem, gusti kawula Sang Prabu? Kalilana kawula nyabrang lan nigas gulunipun.”
Sang Abisai bin Zeruya banjur nyelani, ature: “Punapa Simei boten kedah kaukum pejah, amargi rumiyin ngipat-ipati ingkang jinebadan dening Sang Yehuwah?”
Nuli sira mapakna wong dursila loro ana ing ngarepe; wong loro iku supaya padha nggugatake dheweke kalawan pandakwa: Kowe wus ngala-ala marang Gusti Allah lan ratu. Sawuse mangkono wong iku gawanen metu lan benturana watu nganti mati.”
nuli kowe nyaosna marang Pangeran Yehuwah sadhengah kang lair dhisik dhewe saka ing guwa-garba, dalah sakehe pambarepe kewanmu, sapira kang lanang iku dadi kagunganing Pangeran Yehuwah.
“Sakehe anak pambarep iku sira sengkera sumaos marang Ingsun; endi kang lair dhisik saka sadhengah kandhutan ana ing antarane wong Israel, dadia manungsa utawa kewan, iku kagunganingSun.”
Riyaya panen, iya riyaya wiwitaning pametune anggonira nyebar ing tegal, iku uga tetep sira anakna, mangkono uga riyaya undhuh-undhuh, samangsa tutuping taun, salebare anggonira ngundhuhi pametuning pategalanira.
Pepethingane pametune buminira iku ladekna marang ing padalemaning Sang Yehuwah Gusti Allahira. Anggonira nggodhog daginging cempe iku aja nganggo puwaning embokne.”
Sanadyan mung dibatin bae aja nganti kowe ngipat-ipati ratu lan ana ing kamar turu kowe aja ngipat-ipati wong sugih, amarga manuk ing awang-awang uga bisa nglantarake pangucapmu, lan kabeh kang mawa swiwi bisa nglantarake apa kang kokucapake.
Anake wong wadon Israel iku tumuli ngala-ala lan ngipat-ipati asmane Pangeran Yehuwah; tumuli disebakake marang ing ngarsane Nabi Musa. Embokne wong iku jenenge Selomit anake Dibri saka taler Dhan.
Sing sapa ngala-ala marang asmane Pangeran Yehuwah, iku kaukuma pati, dibenturana watu dening wong sapasamuwan. Dadia iku wong Israel asli utawa bangsa liya, manawa ngala-ala marang asmane Pangeran Yehuwah, iku kaukuma pati.
Rasul Paulus nuli mangsuli, ature: “Gusti Allah badhe napuk panjenengan, he, tembok ingkang ingusar pethak. Panjenengan lenggah wonten ing ngriki badhe ngadili kula miturut angger-anggering Toret, nanging panjenengan nerak angger-anggering Toret, jalaran dhawuh napuk kula.”
Paring wangsulane Rasul Paulus: “O, para sadherek, kula boten mangretos bilih panjenenganipun punika Sang Imam Agung. Pancen wonten seratan makaten: Sira aja ngucapake tembung ala marang panggedhening bangsamu!”
luwih maneh wong kang padha nuruti hawa-nepsune marga kepencut ing jejember sarta ngremehake pangrehing Allah. Wong-wong iku padha kumawani sarta gumunggung, nganti tanpa rikuh pakewuh nyenyamah marang kaluhuran,
Sang Dawud banjur matur marang Sang Prabu: “Kenging punapa dene panjenengan dalem kok miyarsakaken dhateng tembungipun tetiyang ingkang sami munjuk: Lah Dawud ngangkah dhateng bilai dalem.
Nanging Sang Dawud ngandika marang Abisai: “Aja koksedani panjenengane, amarga sapa ta kang namakake tangane marang jebadane Sang Yehuwah, kok ora luput saka ing paukuman?”