PANGENTASAN 22:27 - Kitab Sutji27 awit mung iku kemule, iya mung iku sandhangane; kang kanggo turu apa? Kang iku samangsa ana sambate marang Ingsun, mesthi Sunpiyarsakake, awitdene Ingsun iki sipat asih mirma.” Faic an caibideil |
Sabanjure ing wewengkonmu isih ana Simei bin Gera, wong Benyamin saka ing Bahurim. Iku kang ngipat-ipati aku kalawan ipat-ipat kang nandhes nalika aku menyang ing Mahanaim, nanging ing tembe banjur methukake aku ana ing pinggire bengawan Yarden sarta aku wus sumpah marang dheweke demi Sang Yehuwah: kowe ora bakal dakpateni kalawan pedhang!
Amarga manawa kowe padha bali marang Pangeran Yehuwah, para sadulurmu lan anak-anakmu bakal oleh sih-piwelas saka wong-wong kang padha nawan, satemah padha bali menyang ing nagara kene. Amarga Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, iku asipat asih lan welasan: Panjenengane ora bakal ngengokake wedanane saka kowe, manawa kowe padha bali marang Panjenengane.”