Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




PANGENTASAN 22:25 - Kitab Sutji

25 Manawa sira ngutangi marang wong panunggalanira, umatingSun kang miskin ana ing antaranira, pangrengkuhira aja kaya salumrahe wong potang, aja sira jaluki anakan.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




PANGENTASAN 22:25
20 Iomraidhean Croise  

Ana sawijining wong wadon panunggalane bojone para nabi sesambat marang Nabi Elisa, ature: “Abdi panjenengan, semah kula, sampun tilar donya, mangka panjenengan punika mirsa, bilih abdi panjenengan wau ngabekti dhumateng Pangeran Yehuwah. Nanging sapunika tiyang ingkang nagih sambutan sampun dhateng badhe mendhet anak kula kekalih, badhe kadadosaken rencangipun.”


Wong wadon mau nuli lunga ngaturi uninga bab iku marang abdining Allah; iku tumuli ngandika: “Lungaa, lenga iku dolen, utangmu saurana sarta turahane anggonen urip saanak-anakmu!”


Sawise daktimbang-timbang sajroning atiku, aku tumuli nggugat marang para pemimpin lan para panggedhe kang nyekel pangwasa. Kandhaku marang wong-wong iku: “Panjenengan kok sami mendhet bathi langkung saking samesthinipun saking sadherek-sadherek panjenengan!” Aku banjur nganakake parepatan gedhe kang daktujokake marang wong-wong iku.


kang ora nganakake dhuwite lan ora nampani besel nglawan wong kang ora lupuh. Sapa kang tumindake kaya mangkono mesthi ora keguh ing salawas-lawase.


Sing sapa ngundhakake barang-darbeke srana dibathekake lan dianakake, iku nglumpukake kanggo wong-wong kang melasi para wong sekeng.


Cilaka kula punika, dhuh ibu, dene panjenengan nglairaken kula, tiyang ingkang dados wijining paben lan garejegan tumrap tiyang sanagari. Kula sanes tiyang ingkang nyambutaken utawi tiyang ingkang nyambut dhateng sinten-sintena, nanging sadaya sami nyupaosi kula.


nganakake dhuwit lan njupuk bebathening lintah darat, wong kang mangkono iku kudu mati; getihe nampek marang awake dhewe.


ngedohi kaculikan, ora nganakake dhuwit lan ora njupuk bebathening lintah dharat, nindakake pranataningSun lan lakune manut ing katetepaningSun – wong mangkono iku ora bakal mati marga saka kaluputane bapakne, mesthi urip.


ora nindhes wong liya, mbalekake gadhening wong, ora ngrampas apa-apa, aweh mangan wong luwe, aweh sandhangan marang wong kewudan,


ora nganakake dhuwit utawa njupuk bebathening lintah dharat, ngedohi laku culika, nindakake tatanan kang bener ing antarane wong lan pepadhane,


Ing tengahira ana wong kang nampani besel kanggo ngwutahake getih; sira nganakake dhuwit utawa njaluk anakan tuwin gawe pitunaning pepadhanira kanthi patrap nindhes, nanging sira ora eling marang Ingsun. Mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah.


sandhangan kang digadhe padha digawe lemek turon sandhing saben misbyah, lan padha ngombe anggure wong kang padha kadhendha ana ing padalemaning Allahe.


Mulane benere dhuwitku koktitipake marang wong kang nglakokake dhuwit, supaya saulihku bisa tampa dhuwit iku saanakane.


Yen mangkono, yagene dhuwitingsun ora sira pasrahake marang wong kang nglakokake dhuwit, supaya sarawuhingsun kenaa sunpundhut dalah saanakane.


Saupama ing antaramu ana wong miskin panunggalane sadulurmu ana ing salah sawijining panggonanmu, ana ing tanah kang diparingake dening Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, marang kowe, ing kono kowe aja nganti ora maelu utawa mung sedhakep tangan bae ana ing ngarepe sadulurmu kang miskin mau,


ing wayah suruping srengenge barang cekelan mau balekna marang kang duwe, supaya iku turu kalawan kemulan jubahe dhewe, sarta andum berkah marang kowe. Patrap mangkono iku bakal kaetung dadi kabeneranmu ana ing ngarsane Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan