Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




PANGENTASAN 22:24 - Kitab Sutji

24 nuli bakal tuwuh bebenduningSun, sarta sira bakal padha Sunpateni kalawan pedhang, temah somahira padha dadi randha lan anak-anakira padha lola.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




PANGENTASAN 22:24
21 Iomraidhean Croise  

Sawise daktimbang-timbang sajroning atiku, aku tumuli nggugat marang para pemimpin lan para panggedhe kang nyekel pangwasa. Kandhaku marang wong-wong iku: “Panjenengan kok sami mendhet bathi langkung saking samesthinipun saking sadherek-sadherek panjenengan!” Aku banjur nganakake parepatan gedhe kang daktujokake marang wong-wong iku.


Amarga cilaka kang saka ing Allah ndadekake wediku, tuwin aku tanpa daya ana ing ngarsaning kaluhurane.


awitdene cangkemipun tiyang duraka kaliyan cangkemipun tiyang cidra kaangapaken dhateng kawula, sarta kawula dipun ungel-ungeli kaliyan ilat dora,


anakipun sami dadosa lola, tuwin semahipun dadosa randha.


kang ora nganakake dhuwite lan ora nampani besel nglawan wong kang ora lupuh. Sapa kang tumindake kaya mangkono mesthi ora keguh ing salawas-lawase.


Mripatipun sami dadosa peteng, ngantos boten saged ningali; sarta bangkekanipun dadosa lelah-leloh!


Dhuh Allahipun Rama Yakub, amargi saking bebendu Paduka, kapal saha ingkang numpaki sami katileman.


Sinten ingkang sumerep karosaning bebendu Paduka, saha ajrih dhateng anggen Paduka duka?


Randha-randhane wus Sundadekake akeh ngluwihi cacahe wedhining sagara. Ingsun ndhatengake juru pangrusak tumrap para biyung lan nom-nomane ing wayah awan. Kanthi dadakan Sundhawahi pagiris lan horeg.


Mila anak-anakipun mugi sami Paduka pasrahaken dhateng paceklik, saha para tiyang punika mugi Paduka ulungaken dhateng ing landheping pedhang! Ingkang estri kajengipun sami kecalan anak saha semah! Ingkang jaler kajengipun sami pejah dening pageblug sarta para nem-nemanipun sami pejah dening pedhang wonten ing paprangan.


Kawula sami dados lare lola, boten gadhah bapa, biyung kawula sami kados randha.


“Saupama sadulurira ana kang tumiba ing kamlaratan, nganti wus ora bisa ngglawat ana ngarepira, iku kabantua, dipadha kaya wong manca utawa wong neneka, supaya bisa lestari urip ana ing tengahira.


Aja sira jaluki anakan utawa bebathen, nanging sira wedia marang Allahira, supaya sadulurira iku bisa urip ana ing tengahira.


Sapa kang kuwat nadhahi bebendune? Sarta sapa kang bisa tetep ngadeg jejeg samangsa mulad-mulad bebendune? Bramatyane kaesokake kaya geni, tuwin gunung parang nganti padha jugrug.


Padha weweha, supaya kowe iya diwenehi. Takeran kang apik, kang ditetel-tetel, kang dioyog lan kang luber, bakal kaesokake ing pangkonmu, amarga ukuran kang kokanggo ngukur, iku iya bakal kanggo ngukur kowe.”


Wong bangsa liya iku kena kokjaluki anakan, nanging sadulurmu aja kokjaluki, supaya kowe diberkahana dening Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, mungguh sabarang apa kang koktandangi ana ing nagara kang kokleboni lan bakal kokejegi.”


“Manawa kowe ngunjukake punagi marang Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, anggonmu ngluwari aja pijer semaya, awitdene Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, mesthi bakal nagih marang kowe, temah bakal dadi kaluputanmu.


Nggegirisi banget, manawa tumiba ing astane Gusti Allah kang asipat gesang.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan