Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




PANGENTASAN 22:23 - Kitab Sutji

23 Yen nyata sira nganiaya, mangka iku kalawan sora sesambat marang Ingsun, mesthi bakal Sunsembadani pasambate,

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




PANGENTASAN 22:23
19 Iomraidhean Croise  

njalari panjeriting wong miskin sumengka marang ing ngarsane, sarta Panjenengane iku karsa midhangetake panjeriting wong sangsara.


Wong ngadhuh-adhuh iku marga saka kaebyukan ing panganiaya, sambat-sambat marga saka panindhese para wong kang kwasa;


Paduka pancen mirsa, awit Paduka nguningani kasisahan tuwin sakiting manah, Paduka pundhut wonten ing asta Paduka piyambak, tiyang apes sumendhe ing Paduka, Paduka punika ingkang mitulungi lare lola.


Juru pitenah boten badhe lestantun wonten ing bumi, tiyang ingkang nindakaken kakerasan badhe kabujeng ing bilai.


Para wong kang ngabekti marang Gusti Allah padha dijurungi kekarepane, dipiyarsakake pasambate banjur padha diluwari.


Aku digubed ing jireting teleng palimengan, kalajireting pati ngadhang-adhangi aku.


Padha ngidunga kagem Gusti Allah, asmane luhurna kalawan masmur, gawea dalan kagem Panjenengane, kang ngagem titihan kang nratas ing mega! Asmane yaiku Yehuwah, bungah-bungaha ana ing ngarsane!


awit mung iku kemule, iya mung iku sandhangane; kang kanggo turu apa? Kang iku samangsa ana sambate marang Ingsun, mesthi Sunpiyarsakake, awitdene Ingsun iki sipat asih mirma.”


Kawula sami dados lare lola, boten gadhah bapa, biyung kawula sami kados randha.


Apa Gusti Allah ora bakal maringi adil marang para pepilihane kang rina wengi padha sesambat marang Panjenengane? Lan apa Panjenengane anggone arep paring pitulungan diundur-undur?


kang mbelani bocah yatim lan randha sarta kang ngasihi marang wong ngamanca, sarana maringi sandhang pangan.


Dingati-ati, supaya ing atimu aja nganti ana pikiran kang ala mangkene: Iki wus ndungkap taun kapitu, taun mangsane palunasan utang, lan kowe banjur mangkel marang sadulurmu kang miskin iku lan ora menehi apa-apa; nuli sadulurmu mau sesambat marang Sang Yehuwah mungguh ing ngatase kowe, temah prakara iku ndadekake dosamu.


Ing dina iku uga sadurunge srengenge surup, buruhane dinan kawenehna, awit wong iku mlarat lan mesthi ngarep-arep opahane; supaya wong iku aja nganti sesambat marang Sang Yehuwah bab kowe, temah iku dadi dosa tumrap kowe.


Sajatine wus kaprungu panguwuh-uwuh, amarga opahing buruh kang wis padha ngeneni pametuning tegalmu koktahan, pangresulane wong kang padha derep wis kapireng ing talingane Pangeraning sakabehe tumitah.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan