Sang Nata dhawuh nyembelehi sakehing imame tengger-tengger pangurbanan kang ana ing kono ana ing misbyah-misbyahe lan dhawuh ngobong balung-balung wong ana ing kono. Sawuse iku Sang Prabu tumuli kondur menyang ing Yerusalem
Kang iku sira aja nganti gawe prajanjian karo wong isine tanah kono; samangsa bangsa iku padha bedhangan lan ngetut-buri marang allahe lan padha sesaji marang allahe, sira bakal padha diulemi, lan sira bakal padha melu mangan kurban sembelehane.
Aja ana kang padha sesaji kurbane maneh marang para dhemit, marga nyembah marang dhemit iku kalebu bedhang. Iku dadia pranatan ing salawase kanggo wong-wong iku nganti turun-tumurun.
Sarta maneh sira aja laku jina karo kewan, teman ndadekake sira lan kewan iku padha najis. Karomaneh wong wadon iya aja nganti mapan ana ing ngarepe kewan supaya dijamaha, iku pratingkah rusuh.
Kabeh barang jarahan kaklumpukna ana ing tengah alun-alun, nuli kutha dalah jarahane kabeh obongen nganti entek, minangka kurban obaran kang ganep sumaos marang Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu. Kabeh iku bakal tetep dadi gempuran ing salawase, aja nganti dibangun maneh.
mangka pratandha utawa mukjijat kang dikandhakake marang kowe iku kelakon temenan, sarta wong mau ngucap: Payo padha ngenut marang allah liyane, kang padha ora kokwanuhi lan payo padha ngabekti marang allah iku,
“Saupama ing antaramu, ing salah sawijining panggonan peparinge Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, marang kowe, ketemu ana wong lanang utawa wadon kang duwe pokal ala ana ing paningale Sang Yehuwah, Gusti Allahmu, nerak ing prasetyane,
wong lanang utawa wadon kang nglakoni duraka iku mau gawanen metu menyang ing gapura; wong lanang utawa wong wadon iku nuli benturana watu nganti mati.