semangate wogn Mesir banjur ilang, rancangane bakal Sunkisruhake; banjur bakal padha njaluk pituduh marang para brahala lan marang juru japa-mantra, marang arwah lan marang roh kang memeca.
Dene mungguh sira kabeh, sira aja padha nggugu marang para nabinira, juru tenungira, juru mbatang impenira, juru bethekira, lan juru sikirira, kang kandha marang sira: Kowe aja padha gelem teluk marang raja ing Babil!
Sarta maneh sira aja laku jina karo kewan, teman ndadekake sira lan kewan iku padha najis. Karomaneh wong wadon iya aja nganti mapan ana ing ngarepe kewan supaya dijamaha, iku pratingkah rusuh.
Sira aja padha madhep marang rohe wong kang wus ngajal utawa rohe para prewangan; sira aja nggoleki marang iku, temah padha dadi najis marga saka iku kabeh; Ingsun iki Yehuwah Allahira.
Karodene manawa ana wong lanang utawa wong wadon kang kapanjingan rohe wong mati utawa roh prewangan, iku padha kaukuma pati, padha kabenturana watu, lan getihe tumempuh marang wong-wong iku dhewe.”
Wong kang madhep marang rohe wong kang wus ngajal utawa marang rohe para juru pameca, yaiku kang bebedhangan sarana tetakon marang roh-roh mau, Ingsun piyambak bakal nglawan marang wong kang kaya mangkono iku sarta Sunsirnakake saka ing tengahe bangsane.
Uga akeh wong panunggalane kang wis tau nindakake sikir, kang banjur nglumpukake buku-bukune lan diobong ana ing ngarepe wong akeh. Ajine buku-buku iku ditaksir ana seket ewu dhuwit salaka.
Nanging asu lan juru tenung, tuwin wong-wong kang laku jina, wong gawe pati, lan kang nyembah brahala, sarta sok wonga kang dhemen lan nglakoni para-cidra, iku ana ing sajabaning kutha.
Dene Nabi Samuel wus seda. Sakehing wong Israel padha nangisi lan nyarekake panjenengane ana ing kuthane, ing Rama. Anadene Sang Prabu Saul wus nundhungi para prewangan lan juru mbebatang saka ing nagara.
Nanging wong wadon mau mangsuli: “Panjenengan rak temtu mangretos, ingkang dipun tindakaken Sang Prabu Saul, bilih Sang Prabu sampun nyirnakaken saking nagari para prewangan lan juru mbebatang. Kenging punapa panjenengan masangi jiret nyawa kula kadamel mejahi kula?”