Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




PANGENTASAN 22:17 - Kitab Sutji

17 Yen bapakne bocah wadon mau babar pisan ora nglilani anake diepek, iya meksa kudu mbayar salaka samurwate, minangka patukoning prawan.”

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




PANGENTASAN 22:17
9 Iomraidhean Croise  

Rama Abraham banjur ndhahar ature Efron, sarta Efron dibobotake dhuwit pangajine lemah kaya kang dipratelakake lan dirungu dening wong-wong bani Het mau, patang atus sekel selaka kang laku tumrape dagang.


Lea banjur ngucap: “Gusti Allah wus maringi ganjaran kang endah marang aku, saiki bojoku bakal tetep manggon tetunggalan karo aku, marga wus dakolehake anak lanang nganti nenem.” Anake mau dijenengake Zebulon.


Sanadyan panjenengan ngarsakaken arta tumbasan lan arta sasrahan pinten kemawon kathahipun, badhe kula caosi manut sapamundhut panjenengan, namung larenipun estri mugi panjenengan paringaken dadosa semah kula.”


Wong kang madhep marang rohe wong kang wus ngajal utawa marang rohe para juru pameca, yaiku kang bebedhangan sarana tetakon marang roh-roh mau, Ingsun piyambak bakal nglawan marang wong kang kaya mangkono iku sarta Sunsirnakake saka ing tengahe bangsane.


Ing antaramu aja ana kang ngurbanake anake lanang utawa wadon srana kaobong, utawa dadi juru tenung, juru pethek, juru petung, juru sikhir lan juru gendam,


wong lanang kang nuroni iku banjur menehana dhuwit seket sekel salaka marang bapakne bocah wadon, lan iku tumuli dadia somahe, marga wus diroda-peksa; kang wadon mau ora kena dipegat sajege urip.


Sang Prabu nuli ngandika maneh: “Tutura marang Dawud mangkene: Sang Prabu boten mundhut tumbasan, kajawi namung ikutipun tiyang Filisti satus minangka pamalesipun Sang Prabu dhateng mengsahipun.” Karsane Sang Prabu Saul tiwase Dawud lumantar wong Filisti.


Dene Nabi Samuel wus seda. Sakehing wong Israel padha nangisi lan nyarekake panjenengane ana ing kuthane, ing Rama. Anadene Sang Prabu Saul wus nundhungi para prewangan lan juru mbebatang saka ing nagara.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan