Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




PANGENTASAN 22:14 - Kitab Sutji

14 Manawa ana wong nyilih kewane kancane, mangka kewan iku putung sikile utawa mati, nalika kang duwe ora ana ing kono, kang nyilih kudu nglironi saregane.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




PANGENTASAN 22:14
11 Iomraidhean Croise  

Ana uga kang matur: “Kula sampun sami nyambut arta kangge mbayar paos ingkang dipun tetepaken dening Sang Nata tumrap pasiten saha pakebonan anggur kula.


Wong duraka utang, nanging ora nyaur, balik wong mursid iku ambek welasan lan dhemen weweh.


kang duwe sumur iku kudu nempuhi sing duwe kewan awujud dhuwit sapira regane, nanging kewane kang mati mau dadi duweke kang wus nempuhi.


ing kono karampunganing prakara nganggo sumpah ana ing ngarsaning Sang Yehuwah, yen kang katitipan iku temen ora njupuk darbeke kancane, lan kang nitipake kudu narima, sarta kang katitipan ora prelu nglironi.


Saupama kewane iku pancen kamangsa ing kewan galak, iku digawaa kanggo bukti. Kewan kang kamangsa iku ora susah dilironi.


Nanging manawa kang duwe ana ing kono, kang nyilih ora susah nglironi. Yen kewan iku disewa, kapitunane iku kalebu ana ing sewan mau.


Nanging sing sapa mateni sadhengah raja-kaya, kudu ngijoli, siji padha siji.


Yen ana wong njejaluk marang kowe, wenehana lan aja nulak wong kang arep utang marang kowe.”


Nanging kowe, padha tresnaa marang satrumu, padha becikana sarta silihana tanpa pangarep-arep piwelase, temah bakal gedhe ganjaranmu, apamaneh kowe bakal padha dadi putraning Allah Kang Mahaluhur, amarga Panjenengane nindakake kasaenan marang wong kang padha ora weruh ing kabecikan lan para wong ala.


Mungguh carane palunasan iku mangkene: Saben wong kang motangake iku nglilakna apa kang diutangake marang pepadhane, aja nganti nagih marang pepadhane utawa sadulure, marga wus ana undhang-undhang bab palunasan kang kaparingake dening Pangeran Yehuwah.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan