Manawa ana wong nyilih kewane kancane, mangka kewan iku putung sikile utawa mati, nalika kang duwe ora ana ing kono, kang nyilih kudu nglironi saregane.
Aku banjur munjuk: “Dhuh Pangeran Yehuwah, saestu kawula dereng nate kanajisaken, lan wiwit enem ngantos dumugi sapunika dereng nate nedha bebathang utawi sisaning memangsanipun kewan galak, punapa malih cangkem kawula dereng nate klebetan daging bosok.”
Pangandikane Sang Yehuwah mangkene: “Kayadene pangon kang ngrebut sikil loro utawa kuping sacuwil saka ing cangkeme singa, kaya mangkono wong Israel kang manggon ing Samaria anggone bakal kaentasake, kaya saperanganing dipan, lan kaya saperanganing sikile paturon.”
Singa iku lumrahe ndedekep kanggo nyukupi pangane anak-anake, lan nekak memangsan kanggo sing wadon, sarta ngebaki guwane kalawan pangan lan pandhelikane kalawan dedekepane.