Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




PANGENTASAN 22:11 - Kitab Sutji

11 ing kono karampunganing prakara nganggo sumpah ana ing ngarsaning Sang Yehuwah, yen kang katitipan iku temen ora njupuk darbeke kancane, lan kang nitipake kudu narima, sarta kang katitipan ora prelu nglironi.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




PANGENTASAN 22:11
10 Iomraidhean Croise  

Manawa ana wong nitipake kuldi, sapi utawa wedhus, utawa kewan apa bae marang kancane, mangka kewan iku mati, putung sikile utawa kebradhat, ora kaweruhan ing wong,


Nanging manawa kewan mau pancen dicolong, mesthi kudu nglironi marang kang duwe.


Saupama kang nyolong ora kecandhak, kang duwe omah disebakna marang ing ngarsaning Allah perlu sumpah, yen pancen ora njupuk barange kancane.


“Sira aja nyebar kabar goroh. Aja mbiyantu wong kang luput lan gelem dadi seksi rerekan.


Supados manawi kawula tuwuk, sampun ngantos selak dhateng Paduka kaliyan wicanten: Pangeran Yehuwah iku sapa? Utawi manawi kacingkrangan sampun ngantos purun nyolong, satemah nyawiyah dhateng asmanipun Gusti Allah kawula.


Mbangun-mituruta marang dhawuhing ratu demi sumpahmu marang Gusti Allah.


Manawa ana wong gawe dosa, marga krungu wong ngipat-ipati, mangka awake dadi saksi, marga nyipati utawa ngerti, nanging ora gelem nglairake katrangan, iku kudu nanggung ing kaluputane dhewe.


utawa manawa nemu barang kang ilang, mangka selak lan supata goroh bab prakara apa bae kang dilakoni, temah dadi nandhang dosa,


Mungguh manungsa iku anggone supaos demi kang luwih luhur sarta supata iku minangka pikukuhe, kang mungkasi sakehing padudon.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan