1 “Yen ana wong nyolong sapi utawa wedhus, banjur disembeleh utawa diedol, iku kudu ngijoli, sapi siji kalironana sapi lima, dene wedhus siji kalironana wedhus papat.
Nanging manawa wus kasumurupan yen sapi mau biyen mula wus kerep nyundhang, mangka kang duwe ora njaga, iku kudu nempuhi padha sapi, dene kewan kang mati iku dadia duweke kang mbayar iku.”
Nganti getihe para wong miskin kang ora salah tinemu ana ing jubahira! ora nalika padha mbabah arep maling anggone padha sira konangi! Sanadyan kabeh iku mangkono,
mbalekake gadhene wong, ngijoli barang rayahane, lakune manut pranatan-pranatan kang njalari urip, satemah ora nglakoni piala maneh, wong iku mesthi urip, ora bakal mati.
Nanging Zakheus banjur ngadeg lan munjuk marang Gusti: “Gusti, sabarang gadhahan kawula, sapalih badhe kawula sukakaken dhateng tiyang miskin sarta manawi wonten tiyang ingkang sakinten kawula pendheti punapa-punapanipun kanthi patrap ingkang boten sae, badhe kawula wangsulaken tikel sakawan.”