9 Nanging manawa bendara mau nyadhiyakake kanggo anake lanang, iya dianggepa kaya kang wus dadi wewenange anak wadon.
Saupama bendarane mau ngepek wong wadon liyane, kang dhisik ora kena disuda cadhonge, sandhangane lan anggone tinunggal turu.
Saupama batur wadon mau ora disenengi bendarane, mangka maune wus disadhiyakake kanggo awake dhewe, bendarane kudu nglilani batur mau ditebus, ora kena diedol marang wong ngamanca, awitdene bendarane wus mblenjani marang batur wadon iku.