Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




PANGENTASAN 21:6 - Kitab Sutji

6 nuli bendarane nyebakna marang ing ngarsane Gusti Allah, banjur digawa menyang cedhak lawang utawa dhempele, sarta dicublesa godhohing kupinge ngganggo uncek dening bendarane, nuli tetepa ngenger sajege urip.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




PANGENTASAN 21:6
24 Iomraidhean Croise  

Atur wangsulane: “Manawi ing dinten punika panjenengan dalem karsa paring wangsulan kalayan tetembungan ingkang sae, rakyat temtu lajeng badhe ngabdi dhumateng panjenengan dalem ing salaminipun.”


Masmur anggitane Asaf. Gusti Allah jumeneng ana ing parepatan ilahi, ana ing satengahing para allah Panjenengane nindakake pangadilan:


Awitdene ing bengi iku Ingsun bakal tindak ndlajahi tanah Mesir, lan sakehe anak pembarep, iya anake manungsa dalah anake kewan, bakal Sunpateni, mangkono uga sakehe allahe wong Mesir bakal Sunpatrapi paukuman, Ingsun iki Yehuwah.


Yen ana wong kang lagi kerengan, mangka salah siji ana kang numbuk wong wadon kang lagi meteng, nganti runtuh wetengane, nanging kacilakan mau ora ndadekake patine, wong kang numbuk mau kadhendha kaya sapanjaluke bojone wong wadon mau, miturut putusane hakim.


Nanging saupama batur mau kanthi temen-temen matur: Kula sampun tresna dhateng bendara kula, saha dhateng anak-semah kula, kula boten badhe medal dados tiyang merdika,


Manawa ana wong ngedol anake wadon dadi batur, iku metune, patrape ora kaya batur lanang.


“Sira aja ngala-ala marang Gusti Allah lan aja ngipat-ipati panggedhening bangsanira.


Ingsun bakal mangsulake para hakimira kaya biyen lan para penasehatira kaya ing sakawit. Sawuse mangkono sira bakal kasebut kutha kaadilan, kutha kang setya.”


“Tanah aja diedol salawase, awitdene tanah iku kagunganingSun, lan sira iku padha dadi wong manca, kang neneka tumrap Ingsun.


Dikaya buruh, utawa wong neneka ana ing omahira, anggone nyambut gawe ana ing panggonanira nganti tumeka Taun Yobel.


Para pangarep ing satengahe iku singa kang nggero; para hakime iku asu ajag ing wayah bengi, kang ora ngengehake apa-apa tumeka esuke.


Lan ing waktu samana aku banjur prentah marang para hakimmu, mangkane: Padha nggatekna marang prakarane para sadulurmu, lan padha gawea putusan kang adil, dadia ing antarane sawijining wong karo sadulure, utawa karo bangsa liya kang ana ing satengahmu.


Nanging saupama baturmu mau duwe atur marang kowe: Kula boten badhe medal nilar panjenengan! – marga wus tresna marang kowe lan brayatmu, sarta wus kepenak ana ing panggonanmu,


nuli kowe njupuka uncek, kacoblosna ing godhohing kupinge tumempel ing lawang, temah dadi baturmu salawase. Dene baturmu wadon iya kagawea kaya mangkono uga.


“Kowe ngangkata hakim-hakim lan tetindhih-tetindhih ana ing kutha-kuthamu kang diparingake dening Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, marang kowe miturut taler-talermu; iku padha ngakimana bangsa iku kalawan pangadilan kang jejeg.


Nanging Hana ora melu, awit pangucape marang kang lanang: “Benjing manawi larenipun sampun kasapih, kula badhe ngeteraken piyambak, dene lare punika sageda ngadhep wonten ing ngarsanipun Sang Yehuwah lan tetepa wonten ing ngrika ing sajegipun gesang.”


Anadene Sang Prabu Akhis pracaya marang Sang Dawud, amarga nggalih: “Dawud wus ndadekake awake sinengitan dening bangsane, dheweke mesthi tetep dadi abdiningsun ing salawas-lawase.”


Atur wangsulane Sang Dawud marang Sang Prabu: “Nuwun inggih, panjenengan dalem badhe mirsa, punapa ingkang badhe dipun tindakaken dening abdi dalem punika.” Sang Prabu ngandika marang Sang Dawud: “Mulane sira sunsengkakake dadi pangawalingsun piyambak salawas-lawase.”


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan