36 Nanging manawa wus kasumurupan yen sapi mau biyen mula wus kerep nyundhang, mangka kang duwe ora njaga, iku kudu nempuhi padha sapi, dene kewan kang mati iku dadia duweke kang mbayar iku.”
Nanging manawa sapi mau biyen mula wus kerep nyundhang lan kang duwe iya wus dielingake, nanging ora gelem njaga, mangka sawuse iku sapi mau nyundhang maneh wong lanang utawa wadon, lan njalari patine, ing kono sapine dibenturana watu, lan kang duwe iya diukuma pati.
Yen ana wong duwe sapi, sapine nyundhang sapining liyan, nganti mati, sapi kang isih urip iku kaedola, pepayone diparo, mangkono uga sapi kang mati mau iya dibagi loro.
“Yen ana wong nyolong sapi utawa wedhus, banjur disembeleh utawa diedol, iku kudu ngijoli, sapi siji kalironana sapi lima, dene wedhus siji kalironana wedhus papat.