Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




PANGENTASAN 21:26 - Kitab Sutji

26 Manawa ana wong nggitik bature tukon lanang utawa wadon, kena mripate nganti rusak, iku nglilanana bature mau metu dadi merdika minangka lirune mripate.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




PANGENTASAN 21:26
14 Iomraidhean Croise  

Lah, sanadyan kula punika tunggil kulit daging kaliyan para sadherek sabangsa, lan anak-anak kula sami kaliyan anak-anakipun, ewadene kula kapeksa kendel kemawon para anak kula jaler lan estri sami dados abdi, malah anak kula estri wonten sawatawis ingkang kapeksa dados darbekipun tiyang. Kula sami boten saged tumindak punapa-punapa, amargi pasiten saha pakebonan anggur kula sampun dhumawah ing tanganipun tiyang sanes.”


Paduka pancen mirsa, awit Paduka nguningani kasisahan tuwin sakiting manah, Paduka pundhut wonten ing asta Paduka piyambak, tiyang apes sumendhe ing Paduka, Paduka punika ingkang mitulungi lare lola.


prelu paring kaleresan dhateng lare lola saha tiyang ingkang katindhes, supados sampun ngantos wonten manungsa ing bumi malih ingkang damel giris.


Padha ngidungna masmur kagem Sang Yehuwah, kang akedhaton ing Sion. Padha nyaritakna pandamele ana ing tengahing para bangsa.


Manawa ana wong kang nggebugi bature tukon lanang utawa wadon nganggo kayu nganti sanalika ndadekake patine, iku kudu diwales.


mata lirune mata, untu lirune untu, tangan lirune tangan, sikil lirune sikil,


mlicet lirune mlicet, tatu lirune tatu, abuh lirune abuh.


Utawa manawa anggone nggitik bature tukon lanang utawa wadon mau nganti ompong untune, iya dililanana metu dadi mardika minangka lirune untune.


Lan kowe para bendara, dikaya mangkono uga pangrengkuhmu marang para baturmu lan aja nganggo ancaman. Elinga, manawa Gutine lan Gustimu ana ing swarga, lan Panjenengane iku ora pilih kasih.


Aja ndhoyongake pangadilan, aja mawang wong, aja nampani besel, marga besel iku mblawurake mripate wong wicaksana sarta nylewengake tembung-tembunge wong kang bener.


He, para bandara, tumindaka adil lan jujur marang baturmu, elinga yen kowe uga duwe bandara ana ing swarga.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan