Amarga wewaton kang kokanggo ngukumi ala-beciking wong, yaiku kang bakal dianggo ngukumi ala-becikmu. Sarta takeran kang kokanggo nenaker, yaiku kang bakal dianggo naker kowe.
Padha weweha, supaya kowe iya diwenehi. Takeran kang apik, kang ditetel-tetel, kang dioyog lan kang luber, bakal kaesokake ing pangkonmu, amarga ukuran kang kokanggo ngukur, iku iya bakal kanggo ngukur kowe.”
Wong kaya mangkono iku aja kokwelasi, sabab kudu tumindak, nyawa walese nyawa, mata walese mata, untu walese untu, tangan walese tangan lan sikil walese sikil.”
Amargi tiyang punika sampun sami ngwutahaken rahipun para suci lan para nabi, Paduka inggih sampun ngombeni rah tiyang-tiyang punika; makaten punika sampun samesthinipun tumrap tiyang-tiyang punika!”
Nanging Nabi Samuel ngandika: “Kaya dene pedhangmu kang marakake wong wadon padha kelangan anak, mangkono uga ibumu bakal kelangan anak ana ing antarane wong wadon.” Sawuse iku Nabi Samuel nigas janggane Prabu Agag ana ing ngarsane Sang Yehuwah ana ing Gilgal.