Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




PANGENTASAN 21:20 - Kitab Sutji

20 Manawa ana wong kang nggebugi bature tukon lanang utawa wadon nganggo kayu nganti sanalika ndadekake patine, iku kudu diwales.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




PANGENTASAN 21:20
12 Iomraidhean Croise  

Nanging pangandikane Sang Yehuwah: “Babar pisan ora! Sapa kang mateni Kain, bakal kawales tikel pitu.” Kain tumuli diparingi tenger dening Sang Yehuwah supaya aja nganti dipateni dening sapa bae kang mrangguli.


Sabab yen ta Kain kudu diwalesake tikel pitu, Lamekh kudu diwalesake tikel pitung puluh pitu.”


Sapa kang ngwutahake getihing manungsa, iku mesthi diwutahake getihe dening manungsa, awitdene Gusti Allah anggone akarya manungsa iku kang tinulad pasemone pribadi.


yen kelakon bisa tangi maneh lan mlaku-mlaku nganggo teken ana ing jaba, kang ngepruk utawa ngantem mau bebas saka ukuman, mung kudu mbayar kapitunane kang tatu, marga kapeksa nganggur, lan ngragadi anggone tetamba nganti samarine.


Nanging manawa batur mau isih bisa urip sadina utawa rong dina, iku ora diwales, marga batur mau duweke dewe.


Rewang ora bisa diperdi mung klawan tembung thok, marga sanadyana ngreti, nanging ora nindakake.


Waris pulih getih iku kudu mateni wong iku; samangsa ketemu karo wong kang gawe pati iku, dheweke kudu mateni wong iku.


Awit pamarentah iku abdine Gusti Allah, murih becikmu. Nanging manawa kowe nindakake piala, iya wedia. Marga ora tanpa gawe anggone ngasta pedhang. Awit pamarentah iku abdine Gusti Allah kang malesake paukuman marang wong kang nglakoni piala.


Wong kaya mangkono iku aja kokwelasi, sabab kudu tumindak, nyawa walese nyawa, mata walese mata, untu walese untu, tangan walese tangan lan sikil walese sikil.”


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan