Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




PANGENTASAN 21:2 - Kitab Sutji

2 Manawa sira tuku batur wong Ibrani, iku anggone ngenger sira suwene nem taun, ing taun kaping pitune dililanana metu lan dadi wong mardika tanpa mbayar tebusan.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




PANGENTASAN 21:2
18 Iomraidhean Croise  

Gusti Allah bakal maringi kowe ebuning langit lan lemah eloh ing bumi apadene gandum lan anggur kongsi luber-luber.


Pangucape Esap: “Rak wus pantes jenenge Yakub, dene wus ping pindho anggone ngapusi aku. Wewenangku pambarep iya diakali lan saiki berkah kang kanggo aku uga dirampas!” Banjur matur marang kang rama: “Punapa rama boten kagungan berkah sanesipun kangge kula?”


Ana sawijining wong wadon panunggalane bojone para nabi sesambat marang Nabi Elisa, ature: “Abdi panjenengan, semah kula, sampun tilar donya, mangka panjenengan punika mirsa, bilih abdi panjenengan wau ngabekti dhumateng Pangeran Yehuwah. Nanging sapunika tiyang ingkang nagih sambutan sampun dhateng badhe mendhet anak kula kekalih, badhe kadadosaken rencangipun.”


Pangucapku marang wong-wong mau: “Kula sadaya sasaged-saged tansah mbudidaya nebusi para sadherek kula tiyang Yahudi ingkang sampun sami kasade dhateng tiyang bangsa sanes. Nanging sapunika panjenengan kok malah sami nyade sadherek-sadherek panjenengan, supados sami kula tumbas malih!” Ing kono wong-wong mau padha meneng bae, marga ora bisa mangsuli apa-apa.


Dene sadhengah batur tukon iku lagi kena melu mangan angger wus sira tetaki.


Manawa mlebune legan, metune iya legan; manawa nggawa somah, somahe mau iya lilanana melu metu.


Manawa ana wong ngedol anake wadon dadi batur, iku metune, patrape ora kaya batur lanang.


nanging yen anggone mateni iku wus kaplethekan srengenge, iku utang getih. Malinge kudu nglironi sapira regane, yen ora duwe, awake diedola minangka lirune kang dicolong.


Dene manawa ora katebus kanthi patrap mangkono, ing Taun Yobel kudu dililani metu dalah anak-anake.


Sarehne wong iku ora bia ngesahi utange, Sang Nata banjur dhawuh, supaya wong iku dalah anak bojone lan sakabehe barang darbeke padha didoli kanggo nglunasi utange.


Sabab kowe wus padha tinuku lan wus kabayar lunas: Mulane padha ngluhurna Gusti Allah srana badanmu!


“Saben pendhak pitung taun kowe nganakna palunasan utang.


Anggonmu mardikakake baturmu aja kalawan oweling atimu, awitdene anggone wus ngenger marang kowe nem taun lawase, iku oleh-olehane tikel lorone buruh dinan. Dene Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, bakal mberkahi sabarang kang koklakoni.”


nuli padha diprentahi dening Nabi Musa mangkene: “Iki wekasane pitung taun ing mangsane nglilakake utang kaya kang wus katemtokake, yaiku Riyaya Tancebing Tarub;


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan