Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




PANGENTASAN 21:18 - Kitab Sutji

18 Yen ana wong padha regejegan, kang siji ngepruk watu utawa ngantem, nanging ora ndadekake patine, mung kapeksa nggluntung ana ing paturon,

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




PANGENTASAN 21:18
8 Iomraidhean Croise  

Abdi dalem punika gadhah anak jaler kalih; lare kalih punika sami kerengan wonten ing pategilan; sarehne boten wonten ingkang misah, ingkang satunggal nggebagi satunggalipun ngantos pejah.


Bareng esuke tindak maneh, sarta mirsa ana wong Ibrani loro kang lagi padha kerengan, kang salah banjur didangu: “Yagene kowe kok nggitiki kancamu?”


Sing sapa ngipat-ipati bapa utawa biyunge, iku mesthi kaukum pati.


yen kelakon bisa tangi maneh lan mlaku-mlaku nganggo teken ana ing jaba, kang ngepruk utawa ngantem mau bebas saka ukuman, mung kudu mbayar kapitunane kang tatu, marga kapeksa nganggur, lan ngragadi anggone tetamba nganti samarine.


Manawa ana wong kang nggebugi bature tukon lanang utawa wadon nganggo kayu nganti sanalika ndadekake patine, iku kudu diwales.


Yen ana wong kang lagi kerengan, mangka salah siji ana kang numbuk wong wadon kang lagi meteng, nganti runtuh wetengane, nanging kacilakan mau ora ndadekake patine, wong kang numbuk mau kadhendha kaya sapanjaluke bojone wong wadon mau, miturut putusane hakim.


“Manawa ana wong lanang padha kerengan, mangka somahe kang siji banjur nyedhak arep mitulungi kang lanang saka tangane kang menthung, kalawan gumrageh nyekel kawirangane mungsuhe kang lanang,


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan