Kacarita nalika ana sudagar-sudagar Midian liwat, Yusuf dientasake saka ing jero sumur, lan didol marang wong Ismael, payu rong puluh sekel salaka; Yusuf banjur digawa menyang ing tanah Mesir.
Awitdene kula punika dipun colong dipun culik makaten kemawon saking tanahipun tiyang Ibrani, saha wonten ing ngriki kula inggih boten nate nglampahi punapa-punapa, ingkang njalari kula pantes dipun lebetaken ing luweng tutupan punika.”
Manawa ana wong konangan nyulik panunggalane sadulure, yaiku wong Israel, banjur direngkuh kaya batur tukon utawa diedol, wong kang nyulik iku kaukuma pati. Kaya mangkono anggonmu nyingkirake kang ala saka ing tengahmu.
wong kang laku jina, kang laku jindik, kang nyulik wong, wong dora cara, wong kang nerak supata, lan sabanjure samubarang kabeh kang cengkah kalawan piwulang kang bener,
yaiku dagangan arupa mas lan salaka, sesotya lan mutyara, mori alus lan jarit wungu sutra lan kain jingga, barang warna-warna saka kayu wangi, dandanan saka gadhing warna-warna, lan rupa-rupa dandanan kayu kang larang, saka tembaga, wesi sarta saka marmer.