Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




PANGENTASAN 21:13 - Kitab Sutji

13 Nanging manawa pepati mau klawan ora kajarag, kaya-kaya tangane mau kaagem dening Gusti Allah nindakake iku, Ingsun bakal nedahi sawijining panggonan kang kena diungseni.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




PANGENTASAN 21:13
13 Iomraidhean Croise  

Nanging Sang Prabu ngandika: “He, anak-anake Zeruya, ingsun melu-melu apa marang sira? Kareben ta ngipat-ipati ingsun. Amarga saupama Sang Yehuwah ngandika marang wong iku: Dawud ipat-ipatana, sapa kang bakal wani takon: Yagene kowe kok tumindak mangkono?”


Nanging dheweke dhewe karepe ora mangkono lan ora mangkono rancanganing atine, anadene niyate atine arep numpes tuwin nyirnakake bangsa pirang-pirang.


Wong mursid wus sirna saka ing nagara, lan ing antarane para manungsa wus ora ana kang jujur, kabeh padha ngincer getih, siji lan sijine padha genten ngarah nyekel srana kalajiret.


Anadene kutha kang padha kaparingake marang para bani Lewi iku kang nem dadia kutha pangungsen, supaya kenaa diungseni dening wong kang gawe pati. Saliyane iku sira menehana maneh kutha patang puluh loro.


“Kowe aja nganti ngelih pathok watesing lemahe pepadhamu kang wus ditetepake dening wong-wong biyen ing tanah-pusaka kang bakal dadi duwekmu ana ing nagara kang diparingake Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, marang kowe supaya dadi darbekmu.”


Sang Yehuwah banjur ngandika maneh marang Senapati Yusak:


Sang Dawud banjur matur marang Sang Prabu: “Kenging punapa dene panjenengan dalem kok miyarsakaken dhateng tembungipun tetiyang ingkang sami munjuk: Lah Dawud ngangkah dhateng bilai dalem.


Pangandikane marang Sang Dawud: “Becik sira tinimbang ingsun, amarga sira nandukake kabecikan marang ingsun, mangka ingsun nandukake piala marang sira.


Panjenengane rawuh ing kandhang-kandhang wedhus ing pinggir dalan. Ing kono ana guwane lan Sang Prabu Saul mlebet ing kono arep turas, mangka Sang Dawud lenggah kalawan balane ana ing sajroning guwa, ing sisih buri.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan