Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




PANGENTASAN 21:1 - Kitab Sutji

1 “Iki pranatan-pranatan kang perlu sira dhawuhake marang wong-wong iku.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




PANGENTASAN 21:1
27 Iomraidhean Croise  

“Bab padaleman kang lagi sira degake iku, manawa lakunira manut ing sakehing pranataningSun, lan tetep nindakake sakehing dhawuhingSun sarta ora nyimpang saka iku, Ingsun bakal netepi janjiningSun marang sira kang wus Sunpangandikakake marang Dawud, ramanira,


Ing saben prakara kang diajokake marang sira dening para sadulurira kang padha manggon ing kutha, yaiku prakara ngwutahake getih, utawa bab angger-angger dhedhawuhan, katetepan lan pranatan, wong-wong iku padha sira elingna, supaya aja nganti kaluputan marang Pangeran Yehuwah, satemah sira lan para sadulurira padha katempuh ing bebendune. Padha tumindaka mangkono, sira ora bakal padha kaluputan.


Iku padha ngumpul karo sadulur-sadulure, yaiku para panggedhene. Padha prajanji kalawan supata yen bakal manut marang angger-anggere Gusti Allah kang diparingake lumantar Nabi Musa, abdine Gusti Allah iku, sarta bakal netepi lan ngestokake sakehing pepakene Sang Yehuwah, yaiku Gustiku kabeh, sarta saliring pranatan lan katetepane.


Sabdane kaparingake marang Rama Yakub, apadene pranatane lan angger-anggere marang Rama Israel.


Sawangsule Nabi Musa tumuli nimbali para tuwa-tuwaning bangsa mau, padha diparingi sumurup bab sakehe pangandika kang didhawuhake dening Pangeran Yehuwah.


Ana ing kana Sunparingi sumurup bab katetepan-katetepaningSun lan paring uninga bab pranatan-pranataningSun, anadene wong kang nindakake iku bakal urip.


Ingsun uga banjur paring katetepan kang ora becik lan pranatan kang njalari ora padha bisa urip.


Nanging sira iku padha netepana pranatan lan katetepaningSun, sarta aja pisan-pisan nglakoni sarupane pratingkah nistha iku, sanadyan wong Israel kang asli dhewe utawa bangsa liya kang manggon ana ing satengahira,


Poma sira padha netepana pranatan lan katetepaningSun. Sapa wong kang ngestokake mesthi bakal urip; Ingsun iki Yehuwah.


Kaya mangkono anggonira kudu padha gondhelan marang sakehe pranataningSun lan katetepaningSun, sarta padha nindakna iku kabeh; Ingsun iki Yehuwah.”


Kang iku sira padha nggatekna sakehe pranataningSun lan sakehe katetepaningSun, sarta iku padha sira estokna, supaya tanah kang dadi tujuane anggoningSun ngirid lakunira kang supaya sira enggoni iku, aja nganti nglepeh marang sira.


Padha elinga marang Toret kang wus Sundhawuhake marang Musa, abdiningSun, nalika ana ing gunung Horeb, supaya kawartakna marang Israel kabeh, yaiku pranatan-pranatan lan pepakon-pepakon.


parepataning umat ngadilana ing antarane kang gawe pati lan kang wenang males, miturut pranatan-pranatan iki;


Iku mau wewaton lan pranatan kang kadhawuhake dening Pangeran Yehuwah marang wong Israel lantaran Nabi Musa ana ing tanah ngare ing Moab, ing sabrange bengawan Yarden ing sacedhake Yerikho.


apadene padha wulangen bab apa kang wis Dakdhawuhake marang kowe kabeh. Lah, Aku tansah nunggal karo kowe, nganti tumeka ing wekasaning jaman.”


“Saupama ana sadulurmu wong Ibrani lanang utawa wadon kang ngedol awake marang kowe, iku anggone ngenger marang kowe nganti nem taun lawase, nanging ing taun kaping pitune lilanana mardika.


Sarta ing nalika iku aku iya didhawuhi dening Sang Yehuwah mulangake katetepan lan pranatan, supaya iku padha koklakoni ana ing tanah kang bakal kokparani lan bakal kokejegi.


Iki pepeling lan katetepan sarta pranatan kang diparingake dening Nabi Musa marang wong Israel nalika padha lumaku metu saka ing tanah Mesir;


Elinga, kowe wus padha dakwarah bab katetepan lan pranatan kaya kang wus didhawuhake dening Pangeran Yehuwah, Gusti Allahku, marang aku, supaya padha nglakoni ana ing nagara kang kokparani lan kang bakal kokejegi.


Lan ngendi ana bangsa gedhe kang duwe katetepan lan pranatan kang adile kaya angger-angger iku kabeh kang dakgelarake ana ing ngarepmu ing dina iki?


Nabi Musa banjur nimbali nglumpuk wong Israel kabeh sarta padha didhawuhi: “He wong Israel, padha ngrungokna katetepan lan pranatan kang dakgelarake marang kowe ing dina iki, supaya padha kokpindeng lan koklakoni kalawan setya.


Nanging sira ngadega ana ing kene karo Ingsun, sira bakal Sundhawuhi sekehe pepakon, katetepan lan pranatan, kang kudu sira wulangake marang wong-wong iku, supaya padha dilakoni ana ing tanah kang bakal Sunparingake dadi darbeke.


“Iki dhawuh, yaiku katetepan lan pranatan kang atas dhawuhe Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, dakwulangake marang kowe, supaya padha dilakoni ana ing nagara kang kokparani bakal kokejegi,


Ing tembe manawa anakmu takon marang kowe: Menggah pepenget saha katetepan tuwin pranatan ingkang kadhawuhaken dening Pangeran Yehuwah, Gusti Allah kita, dhateng panjenengan, punika kados pundi?,


Wasana, para sadulur, panjaluk lan pangatagku kabeh marang kowe ana ing patunggilane Gusti Yesus: Kowe wus padha krungu saka aku, kapriye kudune lakumu supaya ndadekake keparenging Allah. Bab iku pancen wus padha koktindakake, ewasamono prayogane kowe sayaa luwih tumemen anggonmu padha tumindak mangkono.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan