Nem dina sira nglakonana pagaweanira, nanging ing dina kapitu sira lerena, supaya sapi lan kuldinira padha bisa aso; lan supaya anake baturira lan wong kang neneka padha leren.”
Nem dina wong padha nindakna pagawean, nanging dina kapitu iku sabat, dina ngaso babarpisan, dina suci kagem Pangeran Yehuwah; sing sapa nindakake pagawean ing dina Sabat, iku kudu kaukum pati.
Nem dina wong padha nindakna pagaweane, nanging ing dina kapitu kudu ana wektu ngaso kang suci, yaiku Sabat, dina ngaso babar pisan kagem Pangeran Yehuwah. Sadhengah wong kang nglakoni pagawean ing dina iku, kudu kaukum pati.
Mangkene pangandikane Sang Yehuwah: Gapura plataran njero kang marep mangetan kudu mineb ing sajroning nem dina, dina nyambut gawe, nanging ing dina Sabat supaya diwengakake; ing dina sasi anyar uga kudu diwengakake.
Nem dina wong padha nyambuta gawe, nanging dina kapitu iku sabat, dina kanggo ngaso babar pisan, yaiku dina masamuwan suci; sira aja padha nglakoni pagawean apa-apa; iku sabat kagem Sang Yehuwah ana ing sakehe papan panggonanira.
Nanging kepalane papan pangibadah iku nepsu, jalaran Gusti Yesus nyarasake wong ing dina Sabat, banjur calathu marang wong akeh: “Dina iku ana enem sing kanggo nyambut-gawe. Mulane tekaa ing salah sijine dina iku supaya diwarasake, nanging aja ing dina Sabat.”