Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




PANGENTASAN 20:5 - Kitab Sutji

5 Sira aja sujud utawa ngabekti marang iku, awitdene Ingsun, Yehuwah Allahira, iki Allah kang sujanan, kang males kaluputane bapa marang anak-putune, turun ping telu lan ping pat tumrap wong kang padha sengit marang Ingsun,

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




PANGENTASAN 20:5
65 Iomraidhean Croise  

Nalika jumenenge Sang Prabu Dawud kelakon ana mangsa paceklik lawase telung taun muput. Sang Prabu Dawud banjur nyuwun pitedah marang Sang Yehuwah. Pangandikane Sang Yehuwah: “Saul lan kulawargane padha utang getih, amarga mateni wong-wong Gibeon.”


mugi kaparingana dhateng kawula: turunipun pitu, badhe kawula gantung wonten ing ngarsanipun Sang Yehuwah wonten ing Gibeon, ing paredenipun Sang Yehuwah.” Tumuli pangandikane Sang Prabu: “Iya, ingsun bakal maringake wong iku.”


Atur wangsulane: “Sanget-sanget anggen kawula ngudi tumindak ing damel kagem Pangeran Yehuwah, Gusti Allahipun sadaya ingkang tumitah, amargi tiyang Israel sami nilar prajanjian Paduka, sami mbibrahi misbyah-misbyah Paduka saha sami mejahi nabi-nabi Paduka kalawan pedhang; namung kawula piyambak ingkang taksih gesang, mangka tiyang-tiyang wau inggih sami kepengin njabut nyawa kawula.”


“Apa sira wus sumurup, manawa Akhab ngesorake awake ana ing ngarsaningSun? Ing sarehne wong iku wus ngesorake awake ana ing ngarsaningSun, Ingsun ora bakal ndhatengake bilai ing sajrone dheweke isih urip. Besuk ing jamane anake Ingsun bakal ndhatengake bilai marang kulawargane.”


Pangeran Yehuwah wus nganakake prajanjian karo para turune Rama Yakub iku lan wus padha diparingi dhawuh: “Sira aja padha ngabekti marang allah liyane, sira aja padha sujud nyembah marang iku, sira aja padha ngibadah marang iku lan aja padha misungsung kurban marang iku.


Dadine bangsa-bangsa iku padha ngabekti marang Pangeran Yehuwah, nanging iya padha nyembah marang reca-recane; iya anak-anake, iya putu-putune lan buyut-buyute, kabeh padha nglakoni apa kang ditindakake dening para leluhure, nganti tumeka ing dina iki.


Ewadene Pangeran Yehuwah ora sumingkir saka ing bebendune kang mulad-mulad marang Yehuda, marga saka gerahing panggalihe, kang tuwuh awit saka pokal-damele Sang Prabu Manasye.


Salajengipun mugi Sang Yehuwah karsaa paring pangapunten dhateng kula ing bab punika: Manawi gusti kula lumebet ing papan pamujanipun Rimon prelu sembahyang wonten ing ngriku, temtu lendhehan ing tangan kula, mila kula inggih kedah ndherek sumungkem wonten ing papan pamujanipun Rimon punika. Pratingkah kula makaten punika mugi dipun apuntena dening Sang Yehuwah.”


nanging lelarane budhug Sang Naaman bakal tumempel marang kowe lan anak-putumu ing salawas-lawase.” Gehazi banjur mundur saka ing ngarsane, wus nandhang lelara kusta, putih kaya salju.


Bareng Sang Prabu Amazia kondur saka anggone ngawonake wong Edom mau, para allahe bani Seir kang kaasta kondur, banjur kaedegake kadadekake allahe; Sang Prabu nuli sujud lan nyembah marang allah-allah iku sarta disajeni kurban.


Nanging manawa sira padha mungkur lan ninggal sakehe katetepan lan dhawuhingSun kang wus Sunparingake marang sira sarta banjur lunga ngabekti marang allah liyane tuwin sujud lan nyembah marang iku,


Bilaine kasimpen dening Allah kanggo anak-anake. Prayogane wong iku dhewe kang diganjar dening Gusti Allah, supaya krasa,


Anake padha ora kapitulungan, padha kaidak-idak ana ing saketheng, ora ana kang mitulungi.


piawoning para leluhuripun kaengetana wonten ing ngarsaning Yehuwah, sarta dosaning biyungipun sampun ngantos kalebur,


padha gawe gerahing penggalihe Gusti Allah sarana tengger-tengger papang pangurbanane, sarta ndadekake bentering penggalihe marga saka reca-recane.


Paduka mugi sampun ngantos ndhawahaken kalepatanipun para leluhur kawula dhumateng kawula sadaya; kawula mugi enggal kadhawahana ing sih-rahmat Paduka, awitdene kawula sampun sami ringkih sanget.


Sanalika iku uga mungsuhe mesthi Suntelukake, sarta mungsuhe padha ngrasakake antebing astaningSun.


Sira aja sujud utawa ngabekti marang allahe lan aja niru panggawene, malah padha sira sirnakna babar pisan reca-reca brahala gegaweane.


Amarga sira aja padha sujud marang allah liyane, marga Pangeran Yehuwah, kang asma Sujanan, iku pancen Allah kang sujanan.


Balik sing sapa ora nemu Ingsun, iku mitunani awake dhewe, sakehe wong kang sengit marang Ingsun, iku nresnani pati.”


Lan kayune kadadekake kayu bong dening manungsa, kanggo api-api, sarta maneh kanggo gegenen kagawe ngratengi roti. Nanging uga salong kanggo gawe allah, kang disembah-sembah; digawe reca, kang banjur disujudi.


Ora ana kang nimbang-nimbang, ora ana kang kawruhe utawa pangretene cukup temah bisa kandha: “Ana kang wus dakobong ing geni lan arenge wus dakanggo ngratengi roti, dakanggo manggang daging kang banjur dakpangan. Apa iya turahane nuli dakanggo gawe dewaning kanisthan?”


Mulane Ingsun bakal prakaran maneh kalawan sira kabeh, lan karo anak putunira Ingsun bakal prakaran, mangkono pangandikane Sang Yehuwah.


Paduka ingkang ngatingalaken sih-susetya Paduka dhateng tiyang ewon-ewon, ingkang malesaken dosanipun bapa dhateng anak-anakipun ing sapengkeripun. Dhuh Gusti Allah ingkang agung tuwin kuwaos, asma Paduka punika ingkang sinebut Sang Yehuwah, Gustinipun ingkang sarwa dumados.


Ewasamono sira padha celathu: Yagene anak kok ora melu nanggung kaluputane bapakne? – Amarga anak iku nglakoni kaadilan lan kabeneran; nindakake sakehing katetepaningSun kalawan setya, mulane mesthi urip.


“Ana apa ta sira iku, dene padha ngucapake tembung sesemonan iki ana ing tanah Israel: Para bapa padha mangan woh mentah lan untune anak-anake padha dadi linu?


Apadene padha Sunpangandikani mangkene: Saben wong mbuwanga para dewane kang marakake najis, kang tansah ditenga, lan sira aja najisake awakira kalawan brahala-brahala Mesir; Ingsun iki Yehuwah Allahira.


Awit saka iku mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah: Ing saikine, Ingsun bakal mulihake kaanane Yakub lan bakal nandukake kawelasan marang turune Israel lan marga saka bentering panggalihingSun, Ingsun bakal ngekahi asmaningSun kang suci.


Iku nuli mulungake kang kaya asta, rambutku dicepeng. Aku banjur kajunjung dening Sang Roh iku marang ing antarane langit lan bumi sarta ing sajroning wahyuning Allah aku kabekta menyang ing Yerusalem, ing sacedhaking gapuraning plataran ing jero kang marep ngalor, kang ana recane brahala, kang nuwuhake butarepan.


Sang Prabu Yoyakim, ratu ing Yehuda mau banjur kaulungake dening Pangeran Yehuwah marang ing astane dalasan saperanganing prabote padalemaning Allah. Kabeh iku dibekta menyang ing tanah Sinear, menyang ing kabuyutaning dewane.


nanging saupami boten, gusti kawula mugi karsaa nguningani, bilih kawula sami boten badhe memuja dhateng dewanipun gusti kawula, saha boten badhe nyembah dhateng reca kencana ingkang kaadegaken dening gusti kawula punika.”


ing kono Ingsun piyambak bakal nglawan wong kang kaya mangkono iku lan uga marang kulawargane, sarta wong iku bakal Suntumpes saka ing antarane bangsane, dalah sakehe wong kang padha melu bebedhangan kalawan nyembah marang Molokh iku.


“Sira aja gawe sesembahan brahala, lan reca tatahan utawa tugu brahala aja sira degake kanggo sira, uga watu ukir-ukiran aja sira dekek ana ing tanahira kanggo pasujudan, awitdene Ingsun iki Yehuwah, Allahira.


Sira bakal padha mangan daginge anak-anakira lanang lan anak-anakira wadon.


Pangeran Yehuwah iku Allah kang butajengan lan pemales, Pangeran Yehuwah iku pemales sarta kebak bebendu kang mulad-mulad, Pangeran Yehuwah paring piwales marang para satrune, sarta terus bae dukane marang para mengsahe.


Pangeran Yehuwah iku luwih dening sabar sarta luber sih-kamirahane, kang ngapura kaluputan lan panerak, sanajan kang nglakoni mesthi ora luput saka paukuman, malah malesake durakane para bapa ana ing anakputu, turun ping telu lan ping pat.


dene anak-anakira bakal padha nglambrang kayadene pangon ana ing pasamunan kene lawase patang puluh taun, bakal padha nanggung kamursalanira, nganti sira wus padha mati tumpes-tapis ana ing pasamunan kene.


“Pinehas anake Eleazar anake Imam Harun iku kang njalari sirepe bebenduningSun ing satengahe wong Israel, marga kanthi mempeng anggone mbelani kaurmataningSun ana ing satengahe umat, temahan Ingsun ora nganti numpes marang wong Israel ing sajrone bentering panggalihingSun.


nuli munjuk mangkene: “Punika sadaya badhe kula caosaken dhateng Panjenengan, anggeripun Panjenengan sumungkem sujud dhateng kula.”


“Manawa kowe padha disengiti dening jagad, wruhanamu yen Aku wus disengiti sadurunge kowe.


Jagad iku ora bisa sengit marang kowe, nanging Aku disengiti, amarga Aku nekseni yen panggawene jagad iku ala.


Para sakabate banjur munjuk pitakon marang Panjenengane: “Rabbi, sinten ingkang damel dosa, tiyang punika piyambak punapa tiyang sepuhipun, dene ngantos lairipun wuta makaten?”


Padha dhemen wadul, mitenah, sengit marang Gusti Allah, kurang ajar, kumlungkung, umuk, sugih pangreka ala, ora mbangun-turut marang wong tuwa,


Sabab pepenginaning daging iku nyatru marang Gusti Allah, awit ora sumuyud marang angger-anggere Gusti Allah, amarga pancen iya ora bisa.


Utawa apa kita nedya memungu bentering panggalihe Gusti? Apa iya karosan kita ngungkuli Panjenengane?


padha memungu butajenganingSun kalawan kang dudu allah; padha gawe gerahe penggalihingSun kalawan brahalane. Mulane Ingsun iya bakal nenangi kumerene kalawan kang dudu umat, lan bakal nyerikake atine kalawan bangsa kang gemblung.


samangsa Ingsun ngasah pedhangingSun kang gilap, sarta astaningSun ngasta pangadilan, mesthi Ingsun bakal paring piwales marang kang padha nglawan marang Ingsun, sarta males marang para satruningSun.


Awitdene Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, iku asipat kaya geni memangsa, Allah kang ambek butajengan.


nanging Ingsun nandukake sih-palimirma marang wong ewon-ewon kang padha tresna marang Ingsun lan netepi marang pepakenngSun.


Sira aja sujud utawa nyembah marang iku, awitdene Ingsun, Yehuwah Allahira, iku Allah kang butajengan, kang males kaluputane para bapa marang anak-anake lan marang turune kang katelu lan kaping pat, wong-wong kang sengit marang Ingsun;


awitdene Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, iku Allah kang butajengan ana ing tengahmu, supaya aja nganti bebendune Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu mulad-mulad marang kowe, temah kowe ditumpes kasirnakake saka ing bumi.


nanging saben wong kang sengit marang Panjenengane, bakal diwales lan disirnakake. Satrune ora diparingi sumene, mesthi terus bae bakal diwales.


He wong kang padha ora setya, apa kowe padha ora sumurup, manawa memitran karo donya iku dadi sesatron karo Gusti Allah? Kang iku sing sapa dadi mitrane donya, iku ndadekake awake dhewe dadi satrune Gusti Allah.


menawa kowe padha nerak prajanjian kang wus kadhawuhake dening Sang Yehuwah Gusti Allahmu marang kowe, sarta lunga ngabekti lan sujud marang allah liyane, ing kono bakal mulad-mulad bebendune Sang Yehuwah marang kowe, temah kowe bakal enggal tumpes sirna saka ing nagara kang becik kang wus kaparingake marang kowe.”


Aja nganti padha srawungan karo para bangsa kang isih ana ing tengah-tengahmu, sarta aja nganggep marang jenenge para allahe utawa supata demi iku, lan iku aja padha kokbekteni utawa koksujudi.


Nanging pangandikane Senapati Yusak marang wong-wong mau: “Kowe mangsa padha bisaa ngabekti marang Sang Yehuwah, amarga Panjenengane iku Gusti Allah kang suci, kang butajengan. Panjenengane bakal ora ngapura kaluputan lan dosamu.


Nanging manawa hakim iku seda, tumuli padha tumindak ala maneh, luwih ala katimbang karo leluhure, padha manut allah liya-liyane klawan padha dibekteni lan disujudi; padha ora ngunduri pisan-pisan pratingkah lan lakune kang ndlarung iku.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan