Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




PANGENTASAN 20:4 - Kitab Sutji

4 Sira aja gawe reca utawa tetironing apa bae kang ana ing langit ndhuwur utawa ing bumi ngisor, apadene kang ana ing banyu sangisoring bumi.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




PANGENTASAN 20:4
41 Iomraidhean Croise  

Sawuse digalih-galih, Sang Prabu banjur yasa pedhet emas lanang loro sarta banjur ngandika marang wong kabeh: “Wus cukup suwe anggonira padha lunga menyang Yerusalem. He Israel, saiki delengen allah-allahira, kang wus nuntun sira metu saka ing tanah Mesir.”


sanadyan Pangeran Yehuwah wus ngandika: “Sira aja padha nglakoni mangkono!”


Panjenengane uga mrenahake reca brahala damelane ana ing padalemaning Allah, sanadyan Gusti Allah wus ngandika marang Sang Prabu Dawud lan marang Sang Prabu Suleman, kang putra: “Ana ing padaleman iki lan ana ing Yerusalem, kang wus Sunpilih saka ing astane suku Israel, Ingsun bakal mrenahake asmaningSun ing salawas-lawase!


padha gawe gerahing penggalihe Gusti Allah sarana tengger-tengger papang pangurbanane, sarta ndadekake bentering penggalihe marga saka reca-recane.


Sarupaning wong kang ngabekti marang reca bakal padha nandhang wirang, wong kang padha gumunggung marga saka brahala-brahala; sakehing allah padha sujud nyembah marang Panjenengane.


Sira aja padha gawe brahala salaka utawa mas ana ing sandhingingSun.


Nalika bangsa iku sumurup, yen Nabi Musa nganti lawas ora mandhap-mandhap saka ing gunung, banjur padha nglumpuk ana ing ngarsane Rama Harun, ature: “Sumangga, kula panjenengan damelaken allah, ingkang badhe tindak wonten ing ngajeng kula; margi Musa, ingkang sampun ngirid lampah kula medal saking tanah Mesir punika, kula sami boten mangertos kadadosanipun.”


cariyosipun dhateng kula makaten: Kula mugi panjenengan damelaken allah ingkang badhe tindak wonten ngajeng kula, awitdene Musa ingkang sampun ngirid lampah kula medal saking tanah Mesir, kula boten sumerep kedadosanipun.


Sawuse Rama Harun nampeni iku mau kabeh, tumuli didhapur sarana katatah dadi pepethan pedhet cor-coran. Ing kono pangucape wong akeh: “He Israel! Iku allahmu kang wus ngirid lakumu metu saka ing tanah Mesir.”


Enggal temen anggone nyleweng saka dalan kang wus Suntedahake; wus padha gawe reca pedhet mas cor-coran, sarta iku banjur padha disujudi lan disajeni kurban, klawan pangucape: He Israel, iki allahmu kang wus ngirid lakumu metu saka ing tanah Mesir.”


Sira aja gawe allah cor-coran kanggo sira.


Wong kang padha kumandel marang reca tatahan bakal padha mundur lan kawirangan, yaiku para wong kang celathu marang reca cithakan: “Paduka punika allah kawula!”


Ingsun iki Yehuwah, yaiku asmaningSun; Ingsun ora bakal maringake kamulyaningSun marang wong liyane utawa kasuwuringSun marang reca.


Nanging para tukang brahala kudu mundur kalawan wirang, kabeh bakal kawirangan lan pancen kalepetan ing wirang.


Apadene padha Sunpangandikani mangkene: Saben wong mbuwanga para dewane kang marakake najis, kang tansah ditenga, lan sira aja najisake awakira kalawan brahala-brahala Mesir; Ingsun iki Yehuwah Allahira.


Aku banjur lumebu lan ndeleng lah ana gambaring sakehe kewan gumremet lan kewan-kewan liyane kang njejemberi sarta sakehing brahalane turune Israel kang ingukir ana ing tembok ing sakubenge.


Iku nuli mulungake kang kaya asta, rambutku dicepeng. Aku banjur kajunjung dening Sang Roh iku marang ing antarane langit lan bumi sarta ing sajroning wahyuning Allah aku kabekta menyang ing Yerusalem, ing sacedhaking gapuraning plataran ing jero kang marep ngalor, kang ana recane brahala, kang nuwuhake butarepan.


Sira aja padha ngadhep marang brahala lan aja gawe sesembahan reca cor-coran; Ingsun iki Yehuwah Allahira.


“Sira aja gawe sesembahan brahala, lan reca tatahan utawa tugu brahala aja sira degake kanggo sira, uga watu ukir-ukiran aja sira dekek ana ing tanahira kanggo pasujudan, awitdene Ingsun iki Yehuwah, Allahira.


aben lesan anggoningSun ngandikan, klawan terus terang, ora klawan cangkriman, malah nganti kalilan ndeleng pasemone Pangeran Yehuwah. Kang iku yagene sira kok ora wedi nutuh marang abdiningSun Musa iku?”


Sarehning kita punika trahing Allah, mila kita boten kenging gadhah pamanggih, bilih kawontenanipun Gusti Allah punika kadosdene jene utawi salaka utawi sela, ingkang kawujudaken dening kagunan saha kalangkunganipun manungsa.


Padha nglironi kamulyane Gusti Allah kang langgeng kalawan pepethan kang mirip manungsa kang bisa lebur, lan pepethan manuk, sarta kewan asikil papat, apadene kewan-kewan rumangkang.


lan iya aja ngadegake tugu brahala, marga iku disengiti dening Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu.


Kenaa ing laknat wong kang gawe reca ukir-ukiran utawa cor-coran, gegaweane tukang, kang dadi jejember ana ing ngarsane Sang Yehuwah, sarta kang diprenahake ana ing panggonan kang ndhelik. Wong sabangsa kabeh banjur padha sumaura bareng: Amin!


Sira aja gawe reca kang awujud apa bae kang ana ing langit dhuwur utawa ing bumi ngisor, apadene ing banyu sangisore bumi.


Malaekat kang kapisan banjur tindak lan nyuntak bokore menyang ing bumi; wong kang kanggonan cirine si kewan lan kang sujud marang recane tumuli padha kena ing memala wudun kang ampuh lan mbebayani.


Ananging kekarene wong kang ora dipateni kalawan wewelak iku mau, meksa ora padha mratobat nyingkiri pagaweaning tangane: ora mareni anggone padha nyembah marang para dhemit lan brahala-brahala mas, salaka, tembaga, watu apadene kayu kang ora bisa ndeleng, krungu utawa lumaku.


Sawuse iku dhuwit selaka sewu satus iku tumuli dibalekake marang ibune. Nanging ibune ngandika: “Dhuwit iku daksengker konjuk marang Sang Yehuwah, dakpasrahake marang anakku, supaya ditanjakna kanggo gawe reca ukir-ukiran lan reca cor-coran. Mulane saiki dhuwit iku dakbalekake marang kowe.”


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan