Iku kudu dianggo Harun dalah anak-anake samangsa lumebu ing Tarub Pasewakan utawa samangsa nyedhaki misbyah perlu nindakake pangibadah ana ing pasucen, supaya aja nganti kaluputan lan banjur mati. Iku dadia pranatan ing salawase tumrap Harun lan para turune.”
Aja kesusu, cangkemmu lan atimu aja age-age nglairake tetembungan ana ing ngarsaning Allah, amarga Gusti Allah iku ana ing swarga, mangka kowe ana ing bumi, mulane tembungmu sathithik bae.
Wengkune prapen iku dawane patbelas asta lan ambane patbelas asta, dadi uga pesagi. Ing sakubenge misbyah mau ana kalene, kang ambane saasta tuwin ing sakubenge kalen iku ana pinggirane, kang ambane satengah asta. Undhak-undhakane misbyah dumunung ing sisih wetan.
Nabi Musa tumuli ngandika marang Imam Harun: “Iya iki kang wus kapangandikakake dening Pangeran Yehuwah: Ingsun nelakake kasuceningSun marang wong kang cedhak kalawan Ingsun, sarta nglairake kamulyaningSun ana ing ngarepe wong sabangsa kabeh.” Anadene Imam Harun mung kendel bae.