Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




PANGENTASAN 20:25 - Kitab Sutji

25 Dene saupama Ingsun sira gawekake misbyah watu, iku aja watu tatahan kang sira gawe, sabab manawa anggonira gawe nganggo wadung iku sira nerak kasucene.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




PANGENTASAN 20:25
6 Iomraidhean Croise  

Nalika yasa padaleman iku kang dianggo watu-watu kang wus diwangun ana ing papan pandhudhuke satemah ora keprungu swaraning palu utawa pethel utawa sadhengah piranti wesi sajrone mbangun padaleman iku.


Ingsun sira gawekna misbyah lemah, sira anggoa nyaosake kurban obaranira lan kurban kaslametanira apadene wedhusira lan sapinira. Ing saben panggonan kang Sunpilih dadi pangeling-eling marang asmaningSun, Ingsun bakal rawuh lan mberkahi sira.


Nabi Musa banjur nyerati sakehe pangandikaning Sang Yehuwah, sarta esuke nalika isih bangun esuk banjur ngedegake misbyah ana ing sikile gunung iku, lan tugu rolas miturut cacahe taler Israel.


Uga ana mejane papat maneh kanggo kurban obaran, kang digawe watu tatahan. Dawane karo tengah asta, ambane karo tengah asta lan dhuwure saasta. Iku kanggo ndekek piranti nyembeleh kurban obaran lan kurban sembelehan.


kaya kang wus didhawuhake dening Nabi Musa, abdine Pangeran Yehuwah marang wong Israel, iya kaya kang wus tinulisan ana ing Kitab Torete Nabi Musa; misbyah iku kang digawe watu wutuhan, kang ora kagepok ing piranti wesi apa bae; wong-wong banjur padha nyaosake kurban obaran marang Pangeran Yehuwah ana ing misbyah kono, sarta padha ngurbanake kurban slametan.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan