PANGENTASAN 20:23 - Kitab Sutji23 Sira aja padha gawe brahala salaka utawa mas ana ing sandhingingSun. Faic an caibideil |
uga ora kalawan mrenahake tlundhaging lawange cedhak ing tlundhaging lawangingSun utawa ngedegake saka-sakaning lawange cedhak ing saka-sakaning lawangingSun, nganti mung tembok kang misahake Ingsun lan wong-wong mau. Anggone najisake asmaningSun kang suci kalawan tingkah-polahe kang nistha, mulane marga saka dukaningSun banjur Suntumpes.
Gusti kawula ngegungaken dhiri wonten ing ngarsanipun Ingkang Kuwaos wonten ing swarga: Pirantosing Dalemipun kaladosaken dhumateng ing ngarsa dalem, gusti kawula kaliyan para pangageng abdi dalem, para garwa dalem ingkang padmi saha ingkang ampeyan lajeng sami ngunjuk ngagem pirantos punika; gusti kawula memuji dhateng dewa-dewa salaka lan kencana, tembagi, tosan, kajeng saha sela, ingkang boten saged ningali, mireng utawi mangretos, sarta gusti kawula boten ngluhuraken Gusti Allah, ingkang ngregem napas dalem saha nemtokaken margi-margi dalem.