Ing nalika samana Sang Prabu Suleman nuli ngandika: “Pangeran Yehuwah wus mrenahake srengenge ana ing langit, nanging Panjenengane milaur dedalem ana ing pepeteng.
Nabi Musa tumuli minggah sowan ing ngarsane Gusti Allah, sarta dipangandikani dening Pangeran Yehuwah saka ing gunung kono, dhawuhe: “Sira ndhawuhana turune Yakub lan ngundhangna marang wong Israel, mangkene:
Iya pangandika iku mau kang didhawuhake dening Sang Yehuwah marang sapepake pasamuwanmu kanthi swara kang banter ana ing gunung ing satengahe geni lan mendhung sarta peteng ndhedhet, lan ora disambeti apa-apa maneh. Kabeh iku banjur diserat ing papan watu loro, tumuli diparingake marang aku.”
– nalika iku aku kang ana ing antarane Sang Yehuwah karo kowe, prelu nglantarake dhawuh pangandikane Sang Yehuwah marang kowe, marga kowe padha wedi marang genine lan kowe ora munggah ing gunung –, pangandikane mangkene:
Iya mung Panjenengane iku kang ora kena ing pati, kang akadhaton ana ing pepadhang, kang ora kena pinerakan, kang ora tau dineleng ing wong, jalaran pancen ora ana wong kang bisa ndeleng ing Panjenengane. Iya Panjenengane iku kang sayogya kagungan kaluhuran lan panguwaos kang langgeng! Amin.