Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




PANGENTASAN 20:2 - Kitab Sutji

2 “Ingsun iki Yehuwah Gusti Allahira, kang wus ngentasake sira saka ing tanah Mesir, ing tanah pangawulan.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




PANGENTASAN 20:2
50 Iomraidhean Croise  

Nalika rakyat kabeh ndeleng kadadean iku, tumuli padha sujud sarta ngucap: “Pangeran Yehuwah, Panjenengane iku Gusti Allah! Pangeran Yehuwah, Panjenengane iku Gusti Allah!”


sanadyan Pangeran Yehuwah wus ngandika: “Sira aja padha nglakoni mangkono!”


Kelakone iku mau marga wong Israel wus padha gawe dosa marang Pangeran Yehuwah, Gusti Allahe, kang wus nuntun saka ing tanah Mesir, kaluwaran saka ing pangwaose Sang Prabu Pringon, ratu ing Mesir, lan marga saka anggone wus padha nyembah marang allah liyane,


Awit saka iku Pangeran Yehuwah, Gusti Allahe, banjur ngulungake panjenengane marang ing astane ratune wong Aram. Panjenengane ditelukake tuwin akeh para wonge kang ditawan lan padha digawa menyang ing Damsyik. Sawuse iku Sang Prabu nuli diulungake marang ing astane ratu ing Israel sarta dikawonake kang banget kae.


“He umatingSun, padha ngrungokna, Ingsun karsa ngandika, he Israel, Ingsun ndhawuhake paseksen marang sira, Ingsun iki Allah, Allahira!


Ing tengahira aja ana allah liyane, sira aja sujud marang allah ngamanca.


Iya Ingsun iki Yehuwah Allahira, kang ngluwari sira saka ing tanah Mesir, cangkemira angapna kang amba, nuli bakal Sunkebaki.


“Pundhake wus Sunuwalake saka anggone memikul, sarta tangane saka ing kranjanging pikulan;


Anadene manawa besuk samangsa anakmu takon marang kowe: Punika tegesipun kadospundi? Banjur tuturana mangkene: Pangeran Yehuwah wus ngentasake kita saka ing tanah Mesir, saka ing pangawulan klawan asta kang rosa.


Nabi Musa banjur dhawuh marang para umat: “Dina iki padha pengetana, marga ing dina iki kowe padha metu saka ing tanah Mesir, saka ing pangawulan; awitdene Pangeran Yehuwah anggone wus ngentasake kowe klawan asta kang rosa, mulane aja mangan sadhengah apa kang mawa ragi.


Kalayan sihsusetya Paduka, anggen Paduka ngirid umat tetebusan Paduka; saha Paduka tuntun lampahipun sarana kasekten Paduka dhateng ing padaleman Paduka ingkang suci.


Sami kataman miris lan ajrih, ngantos kaken kados sela amargi saking agungipun asta Paduka, dhuh Yehuwah, inggih ngantos dumugi ing samentasipun umat Paduka, ngantos samentasipun umat ingkang Paduka dadosaken kagungan Paduka punika.


pangandikane: “Manawa sira padha ngrungokake marang dhawuhing Pangeran Yehuwah Gusti Allahira kanthi temen-temen, lan nglakoni apa kang bener ana ing paningale, sarta nilingake kupingira marang dhawuhe, apadene tansah nindakake sakehe katetepane, mesthi sira ora bakal Sunganjar sadhengah lelara kang wus Suntandukake marang wong Mesir, awitdene Ingsun iki Yehuwah kang nyarasake sira.”


Gusti Allah banjur ndhawuhake sakehe pangandika iki:


Ing kono banjur bakal padha weruh, yen Ingsun iki Yehuwah Allahe, kang wus ngirid metu saka ing tanah Mesir, supaya Ingsun dedalem ana ing tengahe, iya Ingsun iki Yehuwah, Allahe.”


Sira bakal Sunpundhut dadi umatingSun lan Ingsun bakal jumeneng dadi Allahira, supaya sira padha sumurup, yen Ingsun iki Yehuwah Allahira, kang nguwalake sira saka pagawean-peksane wong Mesir.


Amarga Ingsun iki Yehuwah, Allahira, Kang Mahasuci, Allahe Israel, Juru-slametira. Mesir Sunagem nebus sira, lan Etiopia sarta Syeba Sunparingake minangka gegentinira.


Mulane lah bakal tumeka ing wektune wus ora ana tembung mangkene maneh: Demi Sang Yehuwah agesang, kang ngentasake wong Israel saka ing tanah Mesir, – mangkono pangandikane Sang Yehuwah –,


Sarta kok padha ora takon maneh: Ana ing ngendi Sang Yehuwah, kang ngirid kita metu saka ing tanah Mesir; kang nganthi kita ana ing ara-ara samun, ing tanah kang cengkar lan legak-legok, ing tanah kang luwih dening garing lan peteng, ing tanah kang ora diambah ing wong lan ora didunungi ing manungsa?


“Pangandikane Sang Yehuwah mangkene: Ing wektu iku Ingsun bakal dadi Allahe sakehing kulawarga trah Israel lan iku kabeh bakal dadi umatingSun.


Nanging prajanjian kang bakal Sundamel karo wong Israel, sawuse wektu iku, – mangkono pangandikane Sang Yehuwah – iku mangkene: ToretingSun bakal Sunparingake ana ing batine, sarta Sunserat ana ing atine; Ingsun banjur bakal jumeneng dadi Allahe lan wong-wong iku bakal padha dadi umatingSun.


“Mangkene pangandikane Sang Yehuwah, Gusti Allahe Israel: Ingsun piyambak wus damel prajanjian kalawan para leluhurira, ing nalika padha Sunentasake saka ing tanah Mesir, saka ing tanah pangawulan, isine:


Ingsun iki Yehuwah Allahira. Padha lumakua manut ing katetepaningSun sarta padha nindakna pranataningSun kalawan setya,


lan tutura marang wong-wong iku: Mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah: Ing dina nalika Ingsun milih Israel, Ingsun supaos marang turune Yakub sarta ana ing tanah Mesir padha Sunsumurupake marang Ingsun. Ingsun supaos ana ing ngarepe: Ingsun iki Yehuwah Allahira!


Apadene padha Sunpangandikani mangkene: Saben wong mbuwanga para dewane kang marakake najis, kang tansah ditenga, lan sira aja najisake awakira kalawan brahala-brahala Mesir; Ingsun iki Yehuwah Allahira.


Nanging Ingsun iki Yehuwah, Allahira wiwit nalika sira ana ing tanah Mesir. Ingsun isih karsa manggonake sira ana ing tarub-tarub maneh kaya ing dina-dina riyaya.


Nanging Ingsun iki Yehuwah Allahira, wiwit nalika sira ana ing tanah Mesir; sira ora wanuh allah liyane, kajaba Ingsun, iya ora ana Juruslamet maneh liyane Ingsun.


Awitdene Ingsun iki Yehuwah Allahira kang wus ngirid sira mentas saka ing tanah Mesir, supaya Ingsun dadia Allahira; sira padha dadia suci, marga Ingsun iki suci.


Sira padha migunakna timbangan kang bener, watu timbangan kang bener, takeran efa kang bener lan takeran hin kang bener; Ingsun iki Yehuwah Allahira kang wus ngentasake sira saka ing tanah Mesir.


supaya turunira padha sumurup, yen wong Israel iku padha Sunpanggonake ana ing tarub-tarub, nalika wus padha Sunentasake saka ing tanah Mesir; Ingsun iki Yehuwah Allahira.”


Ingsun iki Yehuwah, Allahira, kang wus ngentasake sira saka ing tanah Mesir, lan Sunparingi tanah Kanaan, supaya Ingsun dadi Allahira.


Awitdene wong iku padha abdiningSun kang wus Sunentasake saka ing tanah Mesir, ora kena diedol patrap kaya batur tukon.


Awitdene wong Israel iku padha ngabdi marang Ingsun, lan padha dadi abdiningSun kang wus Sunentasake saka ing tanah Mesir; Ingsun iki Yehuwah, Allahira.”


“Sira aja gawe sesembahan brahala, lan reca tatahan utawa tugu brahala aja sira degake kanggo sira, uga watu ukir-ukiran aja sira dekek ana ing tanahira kanggo pasujudan, awitdene Ingsun iki Yehuwah, Allahira.


Ingsun iki Yehuwah, Allahira, kang wus ngentasake sira saka ing tanah Mesir, supaya sira aja dadi bature tukon maneh. Ingsun wus mutungake pasangan kang ana ing pundhakira lan lakunira Sunjejegake.


Mangka Ingsun kang ngirid lakunira metu saka ing tanah Mesir, lan lakunira Sunkanthi ana ing pasamunan lawase patang puluh taun, supaya sira bisa ngejegi nagarane wong Amori.


Sabab wong Yahudi lan wong Yunani iku ora ana bedane. Ujer Gusti Allah mung siji, kang dadi Gustine wong kabeh, sarta luber kadarmane marang sadhengah wong kang padha nyebut marang Panjenengane.


Karomaneh Gusti Allah iku apa mung dadi Gusti Allahe wong Yahudi bae? Apa Panjenengane iku dudu Gusti Allahe bangsa-bangsa liyane uga? Iya, Panjenengane iya dadi Gusti Allahe bangsa-bangsa liyane uga.


Wonge dibenturana watu nganti mati, marga wus duwe pangangkah arep ndadekake murtadmu saka Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, kang wus ngentasake kowe saka ing tanah Mesir, saka ing omah pangawulan.


Kowe padha elinga yen ing biyen kowe iya padha dadi batur ana ing tanah Mesir, banjur kowe ditebus dening Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, mulane kowe dakprentahi mangkono ing dina iki.


“Manawa kowe nglurug perang nglawan mungsuhmu, mangka kowe weruh ana jaran lan kreta, yaiku wadya-bala kang kehe ngungkuli kowe, kowe aja wedi, amarga Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, kang wus ngentasake kowe saka ing tanah Mesir iku nunggil karo kowe.


Sabab sira elinga, yen ing biyen sira iya dadi batur ana ing tanah Mesir sarta Pangeran Yehuwah, Allahira, wus ngentasake sira saka ing kono kalawan asta kang rosa lan lengen kang kaulukake; mulane Pangeran Yehuwah, Allahira, dhawuh marang sira supaya ngriyayake dina Sabat.


Ingsun iku Yehuwah, Allahira, kang wus ngentasake sira saka ing tanah Mesir, saka ing pangawulan.


nanging marga Pangeran Yehuwah ngasihi marang kowe lan karsa netepi supaose kang didhawuhake marang para leluhurmu, mulane kowe padha dientasake kalawan asta kang rosa lan ditebus saka ing omah pangawulan, saka ing astane Sang Prabu Pringon, ratu ing Mesir.


Sang Malaekating Yehuwah nuli tindak saka ing Gilgal menyang ing Bokhim sarta ngandika: “Ingsun wus ngirid lakunira metu saka ing tanah Mesir, lan sira padha Sunlebokake ing tanah kang wus Sunprasetyakake kanthi supaos marang para leluhurira klawan pangandika: Ingsun ora bakal nyandekake prasetyaningSun klawan sira ing salawas-lawase,


Apadene sira padha Sundhawuhi mangkene: Ingsun iki Yehuwah Gusti Allahira, sira aja ngabekti marang para allahe wong Amori, kang sira enggoni nagarane iki. Nanging sira padha ora ngestokake marang dhawuhingSun.”


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan