Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




PANGENTASAN 20:18 - Kitab Sutji

18 Kacarita bareng bangsa mau padha krungu gumlegering gludhug lan bledheg samber-samberan, unine kalasangka, apadene kumeluning pega saka ing gunung, padha wedi lan gumeter sarta tumuli padha mundur ngadoh,

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




PANGENTASAN 20:18
13 Iomraidhean Croise  

Kacarita bareng srengenge wus surup lan wus peteng, tumuli katon ana pawon kumelun lan obor murub kang lumaku metu ing saselane sigaran-sigaran daging mau.


Unjuke kang kadangu: “Kawula mireng swaraning tindak Paduka wonten ing patamanan, temah kawula ajrih, amargi wuda; pramila kawula lajeng ndhelik.”


“Pundhake wus Sunuwalake saka anggone memikul, sarta tangane saka ing kranjanging pikulan;


Ingsun rak dudu Allah kang mung ana ing cedhakan, nanging kang ana ing kadohan uga. Mangkono pangandikane Sang Yehuwah.


Cocog karo apa kang koksuwun marang Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, ing biyen ana ing gunung Horeb, mbeneri kumpulan pangibadah, aturmu: Sampun ngantos kula mireng sabdanipun Pangeran Yehuwah, Gusti Allah, kula malih, sarta sumerep latu ageng punika, supados kula sampun ngantos nemahi pejah.


Saka ing langit kowe krungu sabdane kang mulang kowe, lan ana ing bumi kowe diparengake ndeleng geni kang gedhe, lan krungu sakehe sabdane saka ing satengahing geni.


“Nalika kowe padha krungu swara iku saka ing satengahe pepeteng kang ndhedhet, mangka gununge murub, kowe yaiku, para sakehe pemimpining talermu lan para tuwa-tuwamu padha nyedhaki aku,


Nanging sapunika kados pundi, punapaa dene kula kok kedah nemahi pejah. Awitdene latu ageng punika temtu badhe mangsa kula sadaya; manawi kula ngantosa kedangon anggen kula sami mireng sabdanipun Sang Yehuwah, Gusti Allah kita, saestu kula sami badhe pejah.


Panjenengan kula aturi sowan nyelak saha midhangetaken sadaya ingkang badhe kadhawuhaken dening Sang Yehuwah, Gusti Allah kita, saha panjenengan ingkang nglajengaken dhateng kula, sadaya ingkang dipun pangandikakaken dening Pangeran Yehuwah, Gusti Allah kita, dhateng panjenengan, tumunten badhe sami kula pirengaken saha kula lampahi.


– nalika iku aku kang ana ing antarane Sang Yehuwah karo kowe, prelu nglantarake dhawuh pangandikane Sang Yehuwah marang kowe, marga kowe padha wedi marang genine lan kowe ora munggah ing gunung –, pangandikane mangkene:


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan