Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




PANGENTASAN 20:17 - Kitab Sutji

17 Sira aja melik marang omahe pepadhanira; sira aja melik marang somahe pepadhanira, utawa bature lanang lan wadon, sapine utawa kuldine, lan apa bae kang dadi duweke pepadhanira.”

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




PANGENTASAN 20:17
41 Iomraidhean Croise  

bilih kula boten badhe mendhet sadhengah punapa ingkang dados kagungan dalem sadaya, dadosa namung benang saeler utawi tangsuling trumpah, supados panjenengan dalem sampun ngantos ngandika: Kang nyugihake Abram rak aku.


Wong wadon mau nuli weruh yen wit iku becik kanggo pangan lan katon nengsemake, lan maneh wit iku menginake, awit bisa ngolehake kapinteran; tumuli methil wohe lan mangan, kang lanang kang uga ana ing kono iya diwenehi lan iya banjur mangan.


Raja-kayane, raja-darbeke, apamaneh sakehe kewane iku kabeh rak bakal dadi darbek kita! Mung bae becik padha dilegani kang dadi panjaluke iku, temah mesthi bakal manggon awor karo kita.”


“Aku wus gawe prajanjian kalawan mripatku, mulane mangsa yen aku ngantia mandeng marang prawan!


Manawa atiku katarik marang wong wadon, sarta aku ngadhang ana ing lawanging pepadhaku,


Awit tiyang duraka punika ngegung-egungaken pepenginaning manahipun, lan tiyang kethaha punika nyupatani lan ngawon-awon Sang Yehuwah.


Manah kawula mugi Paduka adhepaken dhateng dhawuh pepenget Paduka, sampun ngantos dhateng pangoyaking bebathen.


Atimu reksanen kanthi waspada, awit iku etuking panguripan.


Mangkono uga wong kang nyedhaki somahe pepadhane; ora ana wong siji-sijia kang nggepok wong wadon iku, kok luput ing paukuman.


ana wong kang mung ijen, ora duwe anak lanang utawa sadulur lanang, lan ora leren-leren anggone nglakoni kangelan, mripate iya ora bisa wareg ndeleng kasugihan; – kanggo sapa anggonku nglakoni kangelan lan nampik kasenengan? – Iku uga bab kang tanpa paedah lan kang marakake susah.


Wong kang urip ing sajroning kabeneran, kang tembung-tembunge jujur, kang nampik kauntungan, wohing pameresan, kang ngipatake tangane supaya aja nampani besel, kang nutupi kupinge supaya aja krungu rancangan bab ngwutuhake getih, kang ngeremake mripate, supaya aja sumurup piala,


Ingsun duka marga saka durakaning srakahe, banjur Sunrangket, Ingsun nyingidake pasuryaningSun lan duka, nanging dheweke banjur murtad, lumaku ing dalan kang dadi pilihaning atine.


Nanging mripat lan atinira mung ngarah marang kauntungan, ngwutahake getihe wong kang ora luput, sarta nindakake pameres lan panganiaya.


Wong-wong iku jaran lanang kang lemu lan dremba, padha mbeker melik marang bojoning liyan.


Wong-wong mau banjur padha marani sira kaya rakyat kang nglumpuk lan padha lungguh ana ing ngarepira, katon kaya umatingSun sarta padha krungu apa kang sira ucapake, nanging padha ora nglakoni mangkono; cangkeme kebak tetembungan kang isi katresnan, nanging atine mburu kauntungan kang nistha.


kang manawa melik pategalan, iya tumuli ngrebut, lan omah-omah, iya banjur disrobot bae, kang ngroda-peksa wong dalah saisine omahe wong satanah-pusakane.


Bilai wong kang ngarah bathi kang ora kakal kanggo kaperluaning brayate; sumedya mrenahake susuhe ana ing papan kang dhuwur, supaya bisa oncat saka ing cangkeremaning bilai.


Apa aku ora wenang nganggo duwek-duwekku dhewe sakarepku? Apa kowe meri, dene aku kok loma?


Nanging Aku pitutur marang kowe: Sing sapa mandeng wong wadon kalawan nduweni krenteg marang dheweke, iku wus laku jina sajroning atine.


Banjur ngandika marang wong akeh: “Sing padha awas, wekanana sakabehing budi kethaha, sabab sanadyan wong duwe bandha nganti akeh banget, uripe wong iku ora gumantung marang kasugihane iku.”


Iku mau kabeh iya kaprungu dening wong-wong Farisi, kang padha karem bandha, banjur padha ngencepi Panjenengane.


Salaka utawa emas utawa sandhangan, aku ora tau kepengin, saka sapa bae.


Saupama palemahan iku ora diedol, apa iku ora tetep dadi duwekmu, lan sawise diedol, apa pepayone iku ora tetep kokkuwasani? Yagene kowe kok ngrancang pratingkah mangkono ana ing atimu? Dudu manungsa kang kokgorohi, nanging Gusti Allah.”


Awit pangandika: aja laku jina, aja memateni, aja nyenyolong, aja melik, sarta sadhengaha pangandika liyane iku wus kacakup ana ing pangandika iki, yaiku: Tresnaa marang sapepadhanira dikaya marang awakira dhewe!


Yen mangkono apa sing arep kita gunem? Angger-anggering Toret iku apa dosa? Babar pisan ora! Malah marga saka angger-anggering Toret iku aku nyumurupi dosa. Aku mangsa ngretia bab kamelikan yen angger-anggering Toret ora dhawuh: “Sira aja melik!”


kang nyenyolong, cethil, seneng mendem, tukang mitenah lan tukang ngapusi, iku ora bakal tampa panduman warisan Kratoning Allah.


Nanging mungguh laku jina lan sarupane pratingkah rusuh utawa kamurkan iku aja nganti sanadyan munga kasebut bae ana ing antaramu, kaya kang pantes tumraping para suci.


Awit padha dieling temenan bab iki: ora bakal wong kang laku jina, wong kang najis utawa wong kang kebak kamurkan, yaiku kang nyembah brahala, oleh panduman ana ing kratoning Sang Kristus lan Gusti Allah.


Sira aja melik bojone pepadhanira, sira aja melik omahe pepadhanira, utawa pategalane lan bature lanang utawa wadon, sapine utawa kuldine, lan sadhengah apa bae kang dadi duweke pepadhanira.


Reca-recane allahe padha obongen nganti entek, salaka lan mase aja kokmeliki lan aja kokepek dhewe, supaya kowe aja nganti kena kala; awitdene iku jember mungguh ing ngatase Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu.


Wekasane wong-wong iku nemahi karusakan, kang dadi allahe wetenge, kang dadi kamulyane kanisthane, pangangen-angene mung tumuju marang prakara kadonyan.


Mulane kowe padha matenana samubarang kang asipat kadonyan kang ana ing awakmu, yaiku laku jina, tindak rusuh, hawa nepsu, kapencut, mangkono uga budi kethaha, kang dadi ewone panyembah brahala,


Kowe aja padha karem bandha sarta padha marema ing saanane. Awit Gusti Allah wus ngandika: “Ingsun ora bakal negakake sira lan sira ora pisan-pisan bakal Suntilar.”


ing antawisipun barang jarahan punika kula tingali wonten jubahipun satunggal ingkang endah, damelan ing Sinear, sarta selaka kalih atus sekel, punapa dene jene salonjor ingkang wawratipun seket sekel; awit saking kepengin kula lajeng kula pendhet; lan barangipun sami kula dhelikaken wonten ing siti ing lebetipun kemah kula, selakanipun wonten ing ngandhap piyambak.”


Iki aku ana ing ngarepmu ana ing kene. Kowe menehana paseksen kang nglawan aku ana ing ngarsane Sang Yehuwah lan ing ngarepe jebadane: Sapine sapa kang wis dakepek? Kuldine sapa kang wis dakepek? Sapa kang tau daktindhes? Sapa kang tau dakkasari? Sapa kang wis tau mbeseli aku kanggo nutupi mripatku? Iku arep dakbalekake.”


Punapaa dene panjenengan dalem kok boten ngestokaken dhawuhipun Sang Yehuwah? Kenging punapa panjenengan dalem mundhut barang-barang jarahan lan nindakaken punapa ingkang awon tumrap ing paningalipun Sang Yehuwah?”


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan