Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




PANGENTASAN 20:16 - Kitab Sutji

16 Sira aja ngucapake paseksi goroh tumrap pepadhanira.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




PANGENTASAN 20:16
23 Iomraidhean Croise  

kang ora nyebar pitenah kalawan ilate, sarta ora nindakake piala marang kancane, lan ora memada marang pepadhane;


“Sira aja nyebar kabar goroh. Aja mbiyantu wong kang luput lan gelem dadi seksi rerekan.


Sing sapa ndhelikake sengite iku cidra lambene, sarta kang ngucapake pangala-ala iku wong gemblung.


Sing sapa nenacad, iku ngeler wewadi, nanging wong setya nutupi prakara.


Seksi goroh mesthi bakal nampani paukuman, sarta wong kang ngucapake cidra ora bakal oncat saka ing paukuman.


Wong nglairake paseksi goroh tumrap pepadhane, iku upamane kaya gada utawa pedhang lan panah kang landhep.


Sira aja nyenyolong, sira aja goroh sarta aja apus-ingapusan.


Sira aja nyebar pitenah mrana-mrene ana ing antarane bangsanira, lan aja ngancam kaslametane pepadhanira; Ingsun iki Yehuwah.


Sira aja males ala lan aja ngigit-igit marang padha bangsanira; malah sira tresnaa marang pepadhanira dikaya marang awakira dhewe; Ingsun iki Yehuwah.


Unjuke wong mau: “Pepaken ingkang pundi?” Paring wangsulane Gusti Yesus: “Sira aja memateni, sira aja laku jina, sira aja nyenyolong, sira aja ngucapake paseksi goroh.


Para prajurit uga matur pitakon: “Lah kula, punapa ingkang kedah sami kula lampahi?” Paring wangsulane Nabi Yokanan: “Aja ngrampas lan aja memeres, nrimaa ing blanjamu dhewe.”


sarta banjur ngajokake seksi-seksi palsu kang padha matur mangkene: “Tiyang punika boten kendel-kendel anggenipun nglairaken pitembungan ingkang nyenyamah dhateng panggenan suci punika saha dhateng angger-anggering Toret,


Sadhengahing rasa serik, brangasan, gampang nepsu, tukar-padu lan panyatur ala buwangen saka ing antaramu, samono uga sadhengahing piala.


Sira aja nglairake paseksi goroh tumrap pepadhanira.


wong kang laku jina, kang laku jindik, kang nyulik wong, wong dora cara, wong kang nerak supata, lan sabanjure samubarang kabeh kang cengkah kalawan piwulang kang bener,


ora bisa atindak tresna, ora gelem rukun, seneng ngala-ala wong, ora bisa ngendhaleni dhiri, ambek siya, ora dhemen marang kang becik,


He para sadulurku, aja padha catur-cinatur ala! Sing sapa nyatur ala utawa ngadili sadulure, iku nacad sarta ngadili angger-angger, sarta manawa kowe ngadili angger-angger, dadine kowe dudu kang nglakoni angger-angger, nanging dadi hakime.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan