“Wong-wong iku padha ora sumurup marang tindak kang jujur,” mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah, “yaiku wong kang padha nandho panindhes lan panganiaya ana ing kadhatone.”
Tangane padha agahan nindakake piala, panggedhe memundhut lan hakim ngarah besel; para panggedhe padha damel putusan sakarsa-karsane, lan angger-angger padha dienggak-enggokake.
Unjuke wong mau: “Pepaken ingkang pundi?” Paring wangsulane Gusti Yesus: “Sira aja memateni, sira aja laku jina, sira aja nyenyolong, sira aja ngucapake paseksi goroh.
Awit pangandika: aja laku jina, aja memateni, aja nyenyolong, aja melik, sarta sadhengaha pangandika liyane iku wus kacakup ana ing pangandika iki, yaiku: Tresnaa marang sapepadhanira dikaya marang awakira dhewe!
Wong kang gawene nyolong, aja nyolong maneh, nanging becik nyambut-gawe kanthi tumemen lan nglakoni pagawean kang becik kalawan tangane dhewe, supaya bisa nguluri wong kang kekurangan.
Manawa ana wong konangan nyulik panunggalane sadulure, yaiku wong Israel, banjur direngkuh kaya batur tukon utawa diedol, wong kang nyulik iku kaukuma pati. Kaya mangkono anggonmu nyingkirake kang ala saka ing tengahmu.
apamaneh ing bab iki wong aja tumindak ora becik utawa ngapusi sadulure. Amarga Pangeran iku kang bakal malesake iku kabeh, kaya kang wus padha dakkandhakake lan daktandhesake marang kowe.