Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




PANGENTASAN 20:13 - Kitab Sutji

13 Sira aja memateni.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




PANGENTASAN 20:13
32 Iomraidhean Croise  

Sabanjure Sang Prabu Manasye ngwutahake getihe wong kang ora luput nganti makaping-kaping, nganti ngebaki Yerusalem wiwit poncot tekan poncot, iku durung kapetung dosa-dosane kang njalari wong Yehuda banjur nglakoni dosa uga, yaiku nindakake apa kang ala ana ing paningaling Sang Yehuwah.


Sang Prabu Yoas ora ngengeti marang kasetyane Imam Agung Yoyadha, kang ramane Imam Zakharia, marang panjenengane. Sang Nata nyedani putrane Imam Agung Yoyadha, kang nalika sedane ngandika: “Pangeran Yehuwah muga nguningana lan paring piwales!”


“Sapa sing menthung wong, nganti ndadekake patine, iku mesthi kaukum pati.


Balik manawa ana wong kang ambeksiya lan mateni pepadhane kalawan paekan, iku kudu dijupuk saka ing misbyahingSun lan dipateni.


Manawa ana wong kang nggebugi bature tukon lanang utawa wadon nganggo kayu nganti sanalika ndadekake patine, iku kudu diwales.


Nanging manawa sapi mau biyen mula wus kerep nyundhang lan kang duwe iya wus dielingake, nanging ora gelem njaga, mangka sawuse iku sapi mau nyundhang maneh wong lanang utawa wadon, lan njalari patine, ing kono sapine dibenturana watu, lan kang duwe iya diukuma pati.


Sira ngedohana tindak culika; wong kang ora luput lan kang bener aja sira pateni, awitdene Ingsun ora bakal mbenerake wong kang luput.


manawa iku padha duwe pangucap: “Marang melua aku, padha ndingkik getih, nginjen marang wong tanpa kaluputan, tanpa sabab;


mangka wong iku mau padha ngadhang marang getihe dhewe lan ndingkik marang nyawane dhewe.


Awit sanyata, Pangeran Yehuwah bakal miyos saka ing padalemane arep ndhawahake paukuman marang para kang manggon ing bumi marga saka kaluputane, sarta bumi ora bakal ndhelikake maneh getih kang kawutahake ing kono, ora nutupi maneh wong-wong kang padha mati pinatenan ana ing kono.


Namung kemawon mugi panjenengan uningani sayektos, bilih panjenengan mejahi kula punika, ateges panjenengan ngwutahaken rahipun tiyang ingkang resik, punika tumempuh dhateng panjenengan, saha dhateng kitha punika dalah ingkang manggen ing kitha punika, amargi Sang Yehuwah sayektos ngutus kula dhateng panjenengan ndumugekaken sadaya pangandika punika.”


Mangkono maneh manawa ana wong kang mateni sadhengah wong, iku poma kaukuma pati.


Sing sapa mateni raja-kaya, iku kudu nglironi, nanging sing sapa mateni wong, iku kaukuma pati.


Unjuke wong mau: “Pepaken ingkang pundi?” Paring wangsulane Gusti Yesus: “Sira aja memateni, sira aja laku jina, sira aja nyenyolong, sira aja ngucapake paseksi goroh.


Kowe mesthine wis sumurup pepakon: Sira aja memateni, aja laku jina, aja nyenyolong, aja ngucapake paseksi goroh, aja gawe pituna marang wong; sira ngajenana bapa-biyungira!”


Mesthine kowe wis nyumurupi kabeh pepakone Gusti Allah: Sira aja laku jina, aja memateni, aja nyenyolong, aja ngucapake paseksi goroh, ngajenana bapa biyungira.”


Nanging Rasul Paulus tumuli nguwuh seru, pangandikane: “Sampun mbilaeni sarira, awit kula sadaya taksih wonten ing ngriki!”


Bareng wong-wong padha ndeleng ula kumlawer kanthil ing astane Rasul Paulus, banjur padha rerasanan: “Wong iki mesthi wong kang dosa pati, sabab sanadyan wis bisa oncat saka bebaya ing sagara, Dewi Kaadilan ora marengake dheweke lestari urip.”


Awit pangandika: aja laku jina, aja memateni, aja nyenyolong, aja melik, sarta sadhengaha pangandika liyane iku wus kacakup ana ing pangandika iki, yaiku: Tresnaa marang sapepadhanira dikaya marang awakira dhewe!


drengki, mendem, jibar-jibur lan sapanunggalane. Tumrap sakabehe iku kowe dakelingake – kaya kang wus daktindakake biyen – manawa sapa kang nindakake bab-bab kang kaya mangkono iku, ora bakal oleh panduman Kratoning Gusti Allah.


yaiku kanthi yakin, yen angger-anggering Toret iku ora kanggo wong kang sampurna, nanging kanggo wong murangsarak lan wong kang uripe tanpa tatanan, wong lamis lan wong dosa, wong kang nengenake kadonyan lan wong kang tanpa agama, kang mateni bapa lan mateni biyunge, kang mateni wong,


Jalaran Panjenengane kang ngandika: “Sira aja laku bedhang,” iku uga ngandika: “Sira aja memateni.” Dadi sanadyan kowe ora laku bedhang, nanging gawe pepati, iku kowe uga dadi wong kang nerak ing angger-angger.


Awitdene tumindake pangadilan iku bakal tanpa welas ing ngatase wong kang ora nglakoni kawelasan. Nanging kawelasan iku bakal unggul lawan pangadilan.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan