Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




PANGENTASAN 20:12 - Kitab Sutji

12 Sira ngajenana bapa-biyungira, supaya didawakna umurira ana ing tanah peparinge Pangeran Yehuwah, Gusti Allahira marang sira.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




PANGENTASAN 20:12
42 Iomraidhean Croise  

Sang Yusuf banjur ngundurake putrane saka ing antarane jengkune kang rama, banjur tumungkul sungkem ing bumi.


Anadene para putrane Rama Yakub padha nglakoni kaya anggone kadhawuhan.


Sang Putri Batsyeba banjur lumebet marang ing ngarsane Sang Prabu Suleman prelu ngrembag panyuwune Pangeran Adhonia. Sang Prabu nuli methukake kang ibu sarta banjur tumelung nyembah, tumuli lenggah ing dhampar. Sang Prabu nuli dhawuh mundhut kursi kagem lenggah Sang Prameswari Ibu, kang ibu banjur lenggah ing satengene Sang Prabu.


Nalika Elisa ndeleng kang mangkono iku, nuli nguwuh: “Dhuh rama kula, rama kula! Kretaning Israel dalah para tiyangipun ingkang sami numpak kapal!” Sawuse mangkono banjur wus ora ketingal maneh marang Elisa. Elisa tumuli nyandhak panganggone lan disuwek dadi loro,


Sapa sing menthung bapa utawa biyunge, iku mesthi kaukum pati.


Sing sapa ngipat-ipati bapa utawa biyunge, iku mesthi kaukum pati.


Wong bodho nampik pamerdine bapakne, nanging kang gelem nampani pameleh iku wicaksana.


Makuthaning para wong tuwa iku anak-putune, lan kang minangka kaurmatane anak-anak iku para leluhure.


Sing sapa ngipat-ipati bapakne utawa biyunge, iku damare bakal mati ing wektu peteng.


Sing sapa ngrampas darbeke bapa utawa biyunge, mangka duwe pangira, manawa iku dudu panerak, wong iku dhewe dadi mitrane juru pangrusak.


Tangane tengen nggegem umur dawa, kang kiwa nyekel kasugihan lan kaurmatan.


Ana turun kang nyupatani bapakne, lan ora mberkahi marang biyunge.


Mripat kang nyampahi marang bapa, sarta emoh mituhu marang biyung, iku bakal dithothol dening manuk gagak ing pinggir kali lan kamangsa dening anake manuk garudha.


Nanging Nabi Yeremia ngandika marang bani Rekhab: “Mangkene pangandikane Sang Yehuwah, Gustine kang sarwa dumadi, Gusti Allahe Israel: Sarehne sira padha ngestokake marang piwelinge Yonadab, leluhurira, ngukuhi marang sakehing piwelinge, lan tetep padha nglakoni kaya piwelinge marang sira,


aja gawe omah, aja nyebar wiji, aja gawe lan nduweni kebon anggur, nanging padha manggona ing kemah-kemah ing salawase urip, supaya kowe dawa umurmu ana ing tanah, kang kokenggoni dadi wong neneka!


Ana ing sira bapa lan biyung padha dicecamah lan ana ing tengahira wong manca dikaniaya, ana ing sira bocah yatim lan randha padha katindhes.


Saben wong ing satengahira duwea pakering marang biyunge lan bapakne, sarta padha netepana dina sabatingSun; Ingsun iki Yehuwah Allahira.


Ana ing ngarepe wong uwanen sira ngadega, lan wong kang wus tuwa sira ajenana, sarta wedi asiha marang Allahira; Ingsun iki Yehuwah.


Anak iku ngajeni bapakne, lan abdi iku ngajeni bendarane. Manawa Ingsun iku jumeneng Rama, endi pakurmatan kang marang Ingsun iku? Sarta manawa Ingsun iki dadi bendara, endi rasa wedi kang marang Ingsun iku? – mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah Gustine sarwa dumadi marang kowe kabeh, – he, para imam kang ngremehake asmaningSun? Nanging sira padha munjuk pitakon: “Kanthi patrap kadospundi anggen kawula ngremehaken asma Paduka?”


Sira ngajenana bapa-biyungira lan sira tresnaa marang sapepadhanira kayadene awakira dhewe.”


Kowe mesthine wis sumurup pepakon: Sira aja memateni, aja laku jina, aja nyenyolong, aja ngucapake paseksi goroh, aja gawe pituna marang wong; sira ngajenana bapa-biyungira!”


Marga ana dhawuhe Nabi Musa mangkene: Sira ngajenana bapa-biyungira, lan sing sapa ngipat-ipati bapa-biyunge kudu diukum pati.


Mesthine kowe wis nyumurupi kabeh pepakone Gusti Allah: Sira aja laku jina, aja memateni, aja nyenyolong, aja ngucapake paseksi goroh, ngajenana bapa biyungira.”


lan diandhap-asor ing antarane siji lan sijine ana ing sajrone wedi asih marang Sang Kristus.


“Mulane padha netepana sakehe angger-angger kang dakluntakake marang kowe ing dina iki, supaya kowe padha kaconggaha lumebu lan ngejegi nagara kang kok parani lan bakal kokenggoni,


sarta supaya kowe padha kaparingana umur dawa ana ing tanah kang wus diprasetyakake dening Pangeran Yehuwah marang para leluhurmu kalawan supaos, yen bakal kaparingake marang para leluhurmu lan marang turune, sawijining nagara kang luber puwan lan madu.


“Manawa ana wong kang duwe anak lanang wangkal lan wangkot kang ora mbangun-turut marang pituture bapa lan biyunge, sanadyan wus dipethes, iya meksa ora ngrewes,


Watu timbanganmu kudu kang wutuh lan cocog; lan takeranmu efa kudu kang wutuh lan cocog, supaya kowe didawakna umurmu ana ing tanah peparinge Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, marang kowe.


Kenaa ing laknat wong kang ngremehake marang bapa biyunge. Wong sabangsa kabeh banjur padha sumaura bareng: Amin!


Awitdene iki dudu tembung kang tanpa isi tumrap ing kowe, nanging iku uripmu, lan srana pangandika iki bakal dawa umurmu ana ing tanah kang kokparani, bakal kokenggoni, kalawan nyabrang ing bengawan Yarden.”


ing dina iki langit lan bumi dakkon nekseni, yen kowe mesthi enggal bakal tumpes sirna saka ing nagara kang padha kokparani kalawan nyabrang ing bengawan Yarden lan banjur bakal kokejegi iku; kowe ora bakal padha dawa umurmu, nanging mesthi bakal padha tumpes.


Kowe padha netepana katetepan lan pepakene kang dakprentahake marang kowe ing dina iki, supaya kowe lan anak-putumu ing besuk padha diganjara slamet, sarta dinawakna umurmu ana ing tanah peparinge Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, marang kowe ing salawas-lawase.”


Sira ngajenana bapa-biyungira, kaya kang wus dadi dhawuhe Sang Yehuwah Allahira, maran sira, supaya dawaa umurira lan supaya diganjara slamet ana ing tanah peparinge Pangeran Yehuwah, Allahira, marang sira.


Kabeh dalan kang ditedahake dening Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, marang kowe, iku ambahen, supaya kowe padha urip lan padha ginanjar slamet apadene dawa umurmu ana ing tanah kang bakal kokejegi.”


supaya kowe wedi-asiha marang Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, netepana sakehe katetepan lan pepakene kang dakterusake marang kowe, iya kowe dalah anak-putumu sajegmu urip, supaya dawa umurmu.


He, bocah-bocah, padha manut-mituruta marang wong tuwamu ing sadhengah prakara, sabab iku ndadekake keparenge Gusti.


Sawuse mangkono Rut banjur marani panuton sarta nglakoni apa saprentahe maratuwane kabeh.


Saka ing kono Sang Dawud tindak menyang ing Mizpa ing tanah Moab lan matur marang ratu ing negara Moab: “Keparenga bapa saha biyung kawula manggen ing nagari dalem, ngantos kawula mangertos, punapa ingkang dados pangrehipun Gusti Allah dhateng kawula.”


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan