Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




PANGENTASAN 20:10 - Kitab Sutji

10 nanging dina kapitu iku Sabate Pangeran Yehuwah, Gusti Allahira; ing dina iku sira aja nyambut gawe, iya sira iya anakira lanang lan wadon, iya baturira lanang lan wadon, dalasan kewanira, apadene wong liya kang ana ing papan panggonanira.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




PANGENTASAN 20:10
16 Iomraidhean Croise  

Lan manawa wong bangsa ing nagara kono padha nawakake dagangan utawa gandum warna-warna ing dina Sabat, mesthi padha ora daktuku, dadia ing dina Sabat utawa ing dina sengkeran liyane. Sarta maneh aku bakal padha ngetogake mangkono bae pametuning bumi ing taun kapitu lan ora bakal nagih piutang.


Nem dina kowe padha ngukupana, nanging ing dina kapitu iku dina Sabat, ing kono ora ana roti.”


“Sira mratelakna pangandikaningSun marang wong Israel, mangkene: Poma sira padha netepana dina-dina SabatingSun, awit iku minangka pratandha ana ing antarane Ingsun lan sira, nganti turun-tumurun, supaya sira sumurup, yen Ingsun iki Yehuwah, kang nucekake sira kabeh.


Nem dina sira nyambuta gawe, nanging ing dina kapitu sira lerena; sanadyan ing mangsa mluku utawa panen sira iya kudu netepi dina palerenan iku.


Nem dina wong padha nindakna pagaweane, nanging ing dina kapitu kudu ana wektu ngaso kang suci, yaiku Sabat, dina ngaso babar pisan kagem Pangeran Yehuwah. Sadhengah wong kang nglakoni pagawean ing dina iku, kudu kaukum pati.


amarga saka wong, turune Israel utawa wong manca kang manggon ing satengahing Israel, kang nyingkur marang Ingsun lan mundhi-mundhi para brahalane ana ing sajroning atine sarta mrenahake watu sandhungan ana ing ngarepe, kang marakake tumiba ing duraka, mangka banjur nemoni nabi tuwin njaluk tulung supaya nyuwunake pituduh marang Ingsun, Ingsun Yehuwah piyambak kang bakal paring wangsulan.


Nem dina wong padha nyambuta gawe, nanging dina kapitu iku sabat, dina kanggo ngaso babar pisan, yaiku dina masamuwan suci; sira aja padha nglakoni pagawean apa-apa; iku sabat kagem Sang Yehuwah ana ing sakehe papan panggonanira.


Saulihe banjur padha nyawisake anggi-anggi lan lenga jebad. Dene ing dina Sabat padha leren, netepi ing angger-angger.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan