Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




PANGENTASAN 2:6 - Kitab Sutji

6 Bareng dibukak, mirsa bayine lagi nangis, temah runtuh welase sarta ngandika: “Bayi iki genah anake wong Ibrani!”

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




PANGENTASAN 2:6
10 Iomraidhean Croise  

Paduka mugi karsaa paring pangapunten dhumateng umat Paduka ingkang sampun dosa dhumateng Paduka punika, karsaa ngapunten sakathahing panerakipun ingkang katandukaken dhumateng Paduka punika, saha mugi Paduka karsaa ndadosaken tiyang-tiyang wau sami tampi sih-piwelasipun para tiyang ingkang mboyongi kadadosaken tawanan, satemah lajeng sami dipun welasi,


Dhuh Gusti Allah, talingan Paduka mugi nilingna dhateng pandonganipun abdi Paduka saha pandonganipun para kawula Paduka ingkang kanthi eklasing manah ngabekti dhateng asma Paduka, saha abdi Paduka mugi Paduka angsalna damel ing dinten punika saha manggiha sihpiwelasipun tiyang punika.” Ing wektu samana aku dadi juru pangunjukane Sang Prabu.


Padha diparengake oleh kawelasan saka ing sakehing wong kang padha nawan.


Sang Prabu Pringon tumuli dhawuh marang para kawulane kabeh: “Sakehe anake wong Ibrani kang lair lanang padha cemplungna ing bengawan Nil, dene kang wadon iku uripana.”


Ing kono putrane putri Sang Prabu Pringon tindak menyang ing bengawan Nil karsa siram, sarta para nyaine padha dolan-dolan ana ing sapinggire bengawan, Sang Putri tumuli mirsa pethi kang ana ing satengahe wlingen, banjur utusan embane njupuk.


Bakyune banjur matur marang putrine Sang Prabu Pringon: “Punapa kawula kepareng madosaken panjenengan dalem inya tiyang Ibrani ingkang nesepi bayi punika?”


Panggalihe ratu iku kaya ilen-ilen banyu ing astane Pangeran Yehuwah, diilekake manut ing sakarsane piyambak.


supaya saben wong ngluwarana bature bangsa Ibrani, iya lanang iya wadon, amrih dadi wong mardika, temah ora ana wong sawiji-wijia kang duwe batur wong Yehuda, sadulure.


Lajeng kabucal, nanging tumunten kapupu dening putranipun putri Sang Prabu Pringon, ingkang dhawuh nggulawenthah kados putranipun piyambak.


Wasana kowe kabeh padha disaiyeg tunggal rasa, tresna marang para sadulur, ambek welasan, sarta andhap-asor.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan