PANGENTASAN 2:3 - Kitab Sutji3 Nanging sarehne sabanjure wus ora bisa didhelikake maneh, mulane dijupukake pethi pandhan, dipopok nganggo aspal lan tir, bayine banjur diselehake ing jerone, sarta pethi iku mau nuli didokok ing satengahe wlingen ing pinggir bengawan Nil. Faic an caibideil |
kang ngirimake duta-duta ngliwati sagara kalawan prau-prau pandhan ngliwati lumahing banyu! Mangkata, he para utusan kang cukat, nemonana bangsa kang dhuwur dedege lan kang klimis pakulitane, golongan kang diwedeni ana ing ngendi-endi yaiku bangsa kang wulet lan ambek siya, kang nagarane ketrajang ing kali-kali!
Sapungkure para pandhita mau lah tumuli ana malaekating Pangeran, kang ngatingali marang Yusuf ing sajroning pangimpen lan dhawuh: “Tangia, Sang Timur lan kang ibu ungsekna menyang ing tanah Mesir, sarta manggona ing kana nganti Ingsun paring pangandika marang sira; mulane mangkono awit Herodhes bakal nggoleki Sang Timur arep disedani.”