Sang Yehuwah banjur ngandika marang Rama Abram: “Wruhanira ing satemene, turunira bakal dadi wong manca ana ing tanah kang dudu duweke, sarta bakal padha ngawula lan katindhes nganti patang atus taun lawase,
Sang Malaekate Yehuwah tumuli mangandikani maneh: “Lah sira iku lagi ngandhut, lan bakal nglairake anak lanang, iku sira jenengna Ismael, awitdene Sang Yehuwah wus nguningani kasangsaranira.
karodene Ingsun bakal nganakake prajanjian ing antarane Ingsun kalawan sira saturunira nganti turun-tumurun dadi prasetyan kang langgeng, supaya Ingsun dadi Allahira lan Allahe turunira.
pangandikane: “Ingsun supaos demi PanjenenganingSun piyambak, – mangkono pangandikane Sang Yehuwah – sarehne sira nglakoni kang mangkono iku, nganti ora owel masrahake anakira ontang-anting marang Ingsun,
Sang Yehuwah banjur ngatingal marang Rama Iskak sarta ngandika: “Sira aja lunga menyang Mesir, manggona ana ing tanah kang bakal Sundhawuhake marang sira.
Ing bengi iku banjur diketingali dening Sang Yehuwah sarta dipangandikani: “Ingsun iki Allahe bapakira Abraham, sira aja wedi, marga Ingsun nunggil kalawan sira lan sira bakal Sunberkahi, turunira bakal Suntangkar-tangkarake, marga saka Abraham abdiningsun.”
Sira tetepa manggon ana ing tanah kene dadi wong manca, dene Ingsun bakal nunggil kalawan sira lan sira bakal Sunberkahi, marga sira lan turunira bakal Sunparingi tanah iki kabeh, sarta Ingsun bakal netepi sumpah kang wus Sundhawuhake marang Abraham bapakira.
Priya iku ngandika maneh: “Jenengira sabanjure wus aja kasebut Yakub maneh, nanging Israel, mulane mangkono awit sira wus gelut nglawan Allah lan manungsa, mangka sira menang.”
Sarta dipangandikani maneh dening Gusti Allah mangkene: “Ingsun iki Allah Kang Mahakawasa, sira bebranahana lan tangkar-tumangkara; ana bangsa, malah golonganing bangsa kang bakal dumadi saka sira, lan bakal ana raja-raja kang asale saka sira.
Gusti Allah tumuli ngengeti marang Rama Nuh lan marang sarupane kewan alasan lan kewan ingon-ingon kang padha melu ana ing sajrone prau; sarta Gusti Allah ndhatengake angin ana ing bumi, temah banyune wiwit surud.
Nanging Pangeran Yehuwah welas lan ngeman marang Israel, mulane banjur karsa ngudaneni, marga saka ngengeti prasetyane marang Rama Abraham, Rama Iskak lan Rama Yakub, ora karsa ndadosake tumpese lan durung karsa mbucal ing wektu iku saka ing ngarsane.
he para wong kang ngabekti marang Sang Yehuwah, padha nyaosna puji marang Panjenengane, he sakehing turune Yakub, padha nyaosna urmat marang Panjenengane; he sakehing turune Israel, padha duwea wedi asih marang Panjenengane.
Pasambatipun para tiyang ingkang kinunjara mugi sageda sumengka dhateng ing ngarsa Paduka; tiyang ingkang sami katetepaken kaukum pejah, mugi sami Paduka parengaken gesang laras kaliyan asta Paduka ingkang agung.
Kang iku sira tutura marang wong Israel: Ingsun iki Yehuwah, Ingsun bakal ngluwari sira saka pagawean-peksane wong Mesir, lan nguwalake sira saka anggonira dikawulakake lan ngentasake sira klawan asta kang Sunacungake, apadene kalawan paukuman-paukuman kang abot.
Ing ngriku kawula lajeng sesambat dhateng Pangeran Yehuwah, saha Sang Yehuwah nyembadani panyuwun kawula, lajeng ngutus malaekat ingkang nuntun kawula sadaya saking tanah Mesir. Sapunika kawula sami wonten ing Kadesy, nagari ingkang kaprenah wonten ing tapel-watesipun talatah paduka.
Ingsun wus nggatosake kalawan temenan marang kasangsaraning umatingSun kang ana ing tanah Mesir, sarta wus miyarsakake ing pasambate, tuwin Ingsun wus tumedhak bakal ngluwari; mulane mrenea, sira bakal Sunutus menyang ing tanah Mesir.
Saben-saben manawa Sang Yehuwah njumenengake hakim ana ing antarane, Sang Yehuwah banjur nunggil karo hakim itu sarta ngluwari umate saka ing tanganing mungsuhe, salawase sugenge hakim mau, amarga Sang Yehuwah welas midhangetake pasambate, kang awit saka wong kang padha gawe rupeke lan nindhes.
“Sesuk, watara wayah mangkene Ingsun bakal ngutus sawijining wong lanang saka tanah Benyamin, kang marani sira, iku jebadana dadi ratuning umatingSun Israel lan dheweke bakal ngluwari umatingSun saka ing tangane wong Filisti, amarga pasambate wus sumengka tekan ing ngarsaningSun.”