Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




PANGENTASAN 2:23 - Kitab Sutji

23 Kacarita sawuse antara lawas Sang Raja ing Mesir seda. Nanging wong Israel isih sambat ngaru-ara, awit saka anggone padha dadi batur, mangka pangadhuhe kang jalaran saka aboting pagawean mau wus sumengka marang ing ngarsane Gusti Allah.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




PANGENTASAN 2:23
31 Iomraidhean Croise  

Sang Malaekate Yehuwah tumuli mangandikani maneh: “Lah sira iku lagi ngandhut, lan bakal nglairake anak lanang, iku sira jenengna Ismael, awitdene Sang Yehuwah wus nguningani kasangsaranira.


Pangandikane Sang Yehuwah: “Pratingkah apa kang wus sira lakoni? Getihe adhinira Abel sesambat marang Ingsun saka bumi.


Paduka ngudaneni kesrakatipun para leluhur kawula wonten ing tanah Mesir, saha miyarsakaken pasambatipun wonten ing pinggiripun seganten Teberau.


Wong ngadhuh-adhuh iku marga saka kaebyukan ing panganiaya, sambat-sambat marga saka panindhese para wong kang kwasa;


Pandongane wong sangsara nalika lesu-lesah lan banjur ngesokake pasambate ana ing ngarsaning Sang Yehuwah.


Dhuh Yehuwah, Paduka mugi karsaa miyarsakaken pandonga kawula, anggen kawula sesambat nyuwun pitulungan mugi sageda dumugi ing ngarsa Paduka.


yaiku kang padha ngucap mangkene: “Kalawan ilatku aku padha menang! Lambeku kang mbiyantu aku! Sapa kang mrentah aku?”


Aku digubed ing jireting teleng palimengan, kalajireting pati ngadhang-adhangi aku.


uripe digawe nandhang pait-getir sarana pagawean kang abot banget, yaiku nggarap lempung lan gawe bata, pagawean warna-warna ana ing ara-ara, ringkese: sarupane pagawean kang ditrapake kanthi peksan dening wong Mesir.


Anadene Pangeran Yehuwah iya wus ngandika marang Sang Musa ana ing tanah Midian: “Sira balia menyang Mesir, awitdene sakehe wong kang nedya mateni sira iku wus padha mati.”


Kang iku sira tutura marang wong Israel: Ingsun iki Yehuwah, Ingsun bakal ngluwari sira saka pagawean-peksane wong Mesir, lan nguwalake sira saka anggonira dikawulakake lan ngentasake sira klawan asta kang Sunacungake, apadene kalawan paukuman-paukuman kang abot.


Pangeran Yehuwah tumuli ngandika marang Nabi Musa:


Anadene nalika iku yuswane Nabi Musa wolung puluh taun lan Rama Harun wolung puluh telu taun, ing nalikane padha munjuk marang Sang Prabu Pringon.


Iku bakal dadi tandha paseksen kagem Sang Yehuwah Gustining sarwa tumitah ana ing tanah Mesir: manawa padha sesambat marang Pangeran Yehuwah marga saka kang padha nindhes, Panjenengane banjur bakal paring sawijining juru-slamet marang wong-wong mau, kang bakal tumandang lan ngluwari.


Amarga pakebonane anggur Sang Yehuwah Gustine sarwa tumitah iku turune Israel, lan para wong Yehuda iku tetanduran kang diremeni; kang diajeng-ajeng kaadilan, nanging kang ana mung tindak ambek siya, kang diantos-antos kabeneran nanging kang ana mung kaonaran.


Ing ngriku kawula lajeng sesambat dhateng Pangeran Yehuwah, saha Sang Yehuwah nyembadani panyuwun kawula, lajeng ngutus malaekat ingkang nuntun kawula sadaya saking tanah Mesir. Sapunika kawula sami wonten ing Kadesy, nagari ingkang kaprenah wonten ing tapel-watesipun talatah paduka.


Sareng sampun kawan dasa taun, lajeng wonten satunggaling malaekat ingkang ngatingal dhateng ing panjenenganipun wonten ing ara-ara samun ing redi Sinai, wonten ing salebeting latu murub ing grumbul eri.


Ing dina iku uga sadurunge srengenge surup, buruhane dinan kawenehna, awit wong iku mlarat lan mesthi ngarep-arep opahane; supaya wong iku aja nganti sesambat marang Sang Yehuwah bab kowe, temah iku dadi dosa tumrap kowe.


Sajatine wus kaprungu panguwuh-uwuh, amarga opahing buruh kang wis padha ngeneni pametuning tegalmu koktahan, pangresulane wong kang padha derep wis kapireng ing talingane Pangeraning sakabehe tumitah.


Wong Israel banjur padha sesambat marang Sang Yehuwah, amarga panjenengane mau kagungan kereta perang wesi nganti sangang atus, sarta rong puluh taun lawase anggone nindhes wong Israel klawan keras.


Nalika Rama Yakub rawuh ana ing Mesir lan para leluhurmu padha sesambat marang Sang Yehuwah, nuli Sang Yehuwah ngutus Nabi Musa lan Imam Harun, kang ngirid para leluhurmu saka ing tanah Mesir sarta marengake padha manggon ana ing kene iki.


“Sesuk, watara wayah mangkene Ingsun bakal ngutus sawijining wong lanang saka tanah Benyamin, kang marani sira, iku jebadana dadi ratuning umatingSun Israel lan dheweke bakal ngluwari umatingSun saka ing tangane wong Filisti, amarga pasambate wus sumengka tekan ing ngarsaningSun.”


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan