Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




PANGENTASAN 2:21 - Kitab Sutji

21 Sang Musa sagah mondhok ing dalem kono, sarta banjur diparingi dening Imam Rehuel, Zipora, putrane, dadi garwane.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




PANGENTASAN 2:21
15 Iomraidhean Croise  

Bareng bocahe wus gedhe, banjur diaturake marang putrine Sang Prabu Pringon, dipundhut dadi putra angkat lan diparingi nama Musa, pangandikane: “Marga dakentasake saka ing banyu.”


Panjenengane nuli ngandika marang para putrane: “Wonge saiki ana ngendi? Yagene kok koktinggal? Undangen mangan ta!”


Anadene Sang Musa saben-saben ngengen wedhuse Imam Yitro, kang rama marasepuh, imam ing Midian. Nalika ing sawijining dina pinuju nggiring wedhuse nganti ngliwati wates pasamunan, lan rawuh ing gununge Gusti Allah, yaiku gunung Horeb,


Sang Musa tumuli wangsul manggihi Imam Yitro mara-sepuhe, sarta ature: “Kula kalilana wangsul manggihi sanak-kadang kula ingkang wonten Mesir, badhe kula tuweni, punapa taksih sami gesang?” Wangsulane Imam Yitro: “Iya becik mangkata kalawan tentrem!”


Anadene Nabi Musa ngandika marang Sang Hobab, putrane Imam Rehuel wong Midian, mara-sepuhe Nabi Musa, mangkene: “Lakuku padha menyang panggonan kang wus kadhawuhake dening Pangeran Yehuwah, pangandikane: Iku bakal Sunparingake marang sira. Mulane kowe bok melu aku, mesthi bakal padha dakrengkuh becik, marga Sang Yehuwah wus njanjekake kang becik tumrap Israel.”


Kacarita Ibu Miryam lan Imam Harun padha nutuh marang Nabi Musa prakara wong wadon bangsa Etiopia kang wus dipundhut garwa, marga panjenengane pancen wus mundhut garwa wong bangsa Etiopia iku.


Sareng midhanget atur makaten punika, Nabi Musa lajeng lolos saha dados tiyang neneka wonten ing tanah Midian. Wonten ing ngriku peputra kakung kalih.


Pancen pangibadah iku manawa dikantheni pamarem, aweh kauntungan gedhe.


jalaran panjenengane milaur nandhang sangsara karo umate Gusti Allah, katimbang karo ngraosake kamuktening dosa sawatara mangsa


Kowe aja padha karem bandha sarta padha marema ing saanane. Awit Gusti Allah wus ngandika: “Ingsun ora bakal negakake sira lan sira ora pisan-pisan bakal Suntilar.”


sarta kang sugih iku nggunggunga ing bab kaasorane, jalaran bakal sirna kaya kembanging suket.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan