Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




PANGENTASAN 2:20 - Kitab Sutji

20 Panjenengane nuli ngandika marang para putrane: “Wonge saiki ana ngendi? Yagene kok koktinggal? Undangen mangan ta!”

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




PANGENTASAN 2:20
12 Iomraidhean Croise  

dene kula keparenga mendhet roti sekedhik, kangge ngiyataken sarira; sasampunipun makaten, sumangga manawi badhe nglajengaken tindak, dene rak pancen makaten punika karsa panjenengan sami tindak nglangkungi tarubipun ingkang abdi.” Pangandikane tamu: “Iya tindakna apa kang dadi karepmu!”


Bareng Pak Laban krungu kabar yen Yakub iku anake sadulure, tumuli lumayu methukake, Yakub dirangkul lan diambung banjur diajak lumebu ing omahe. Yakub tumuli nyaritakake lelakone kabeh marang Laban.


Karodene Yakub nyaosake kurban sembelehan ana ing pagunungan kono, sarta ngundangi para sanak kadange kembul mangan. Dene sawuse padha mangan banjur padha nginep ana ing pagunungan kono.


Tumuli padha nyawisake atur-ature, karo ngenteni kondure Sang Yusuf ing wayah awan; awitdene wus padha ngerti yen bakal padha mangan ana kono.


malah sanadyan wong manca ora tau ana kang nginep ing jaba, lawangku padha kawengakake kanggo wong lelungan! –


Nalika iku Ayub katuwenan dening sakehe sadulure lanang wadon apadene kawanuhane kabeh, padha kembul mangan karo Ayub ana ing omahe kambi nglairake belasungkawa lan aweh panglipur ing bab anggone mentas kaganjar kasangsaran dening Pangeran Yehuwah, apadene siji-sijine padha menehi dhuwit sakesitah karo ali-ali emas siji.


Atur wangsulane: “Wonten satunggaling tiyang Mesir ingkang nulungi kula saking tindakipun para pangen, malah kula dipun timbakaken ngantos kathah, saha lajeng ngombeni menda-mendanipun.”


Sang Musa sagah mondhok ing dalem kono, sarta banjur diparingi dening Imam Rehuel, Zipora, putrane, dadi garwane.


lan kang wus kaseksenan panggawene becik, kayata: nggulawenthah anak, dhemen aweh pamondhokan, ngwisuhi sikile para sadulur kang tunggal pracaya, nulungi wong kang uripe kesrakat, cekake kang mrelokake sadhengah panggawe becik.


Kowe aja padha lali aweh pamondhokan marang wong, jalaran saka mangkono iku ana sawenehing wong sing padha ora sumurup manawa wus ngaturi pasugatan marang para malaekat.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan